Dening: N D Saputra
Srengenge pancen durung suwe olehe
njedhul. Hawa isih adhem, nanging esuk iku wis akeh bocah enom saumuran SMA
padha metu ing dalan. Bocah-bocah kuwi padha nglumpuk ing sakiwa-tengene kios
koran cilik. Wong tuwa sing dodolan koran katon sumringah, amarga isih esuk
dagangane wis kari sethithik. Pancen dina iku ing koran-koran lagi kapacak
pengumuman SPMB. Seleksi Penerimaan Mahasiswa Baru. Ujian kang dianakake dening
pemerintah kanggo ngleboni Perguruan Tinggi Negeri. Ujian kang kondhang yen
angel banget. Meh sesasi lawase aku ngenteni pengumuman iki. Bocah-bocah sing
padha umyeg iku mau dakkira padha karo aku, pengin ngerti yen dheweke ketampa
apa ora.
“Gek
ndang, sida tuku koran apa ora. Selak kentekan lho” pitakone Kangmasku
mbuyarake olehku nglamun nyawang bocah-bocah iku.
“Ya,
sik.”
Aku sumaur tanpa nyawang praupane kangmasku.
Aku banjur njagragake sepedha onthelku lan nyabrang dalan. Apa mung rumangsaku
nalika nyedhak kios koran, kaya-kaya bocah-bocah kuwi padha nyawang aku kabeh.
Kamangka yen daksawang aku ya ora ana sing kenal. Ngenteni pengumuman kelulusan
ngene iki pancen paling njengkelake.
“Koranipun setunggal, Pak,” kandhaku karo ngelungake
dhuwit telungewu rupiyah.
“Ingkang
wonten pengumuman SPMB-nipun,” tambahku.
“Pas
kantun setunggal, Dhik. Maturnuwun,” sumaure wong tuwa iku sinambi nampani
dhuwit saka tanganku. Gumunku ora ana greget kepengin ndelok pengumuman babar
blas. Aku banjur nyabrang dalan maneh, balik ana panggonane kangmasku sing
ngenteni neng sabrang dalan, banjur mulih.
Omah jebule suwung. Pancen ibu biyasane
dina minggu esuk ngene iki tindak karo bapak. Koran sing wiwit mau dakcekel
langsung direbut kangmasku. Sejatine ora direbut bae mesthi dak wenehne. Ora
ngerti kena apa aku ora ngarep-ngarep ketampa kaya taun kepungkur. Pikiranku
kumlebat ana ing lelakon kang daklakoni setaun kepungkur.
“Ati-ati ya, Gus. Sinau sing tenanan.
Ibu ndongakake terus,” ngendikane ibu nalika aku arep budhal melu bimbingan
belajar. Kanthi luh tumetes ibu ngeterake aku budhal tekan terminal. Kanthi
pangestune ibu, aku duwe pangarep-arep bisa ketampa ing tes SPMB sesasi engkas.
Sesasi iku aku melu bimbingan belajar
ing kutha Malang bareng kanca-kancaku. Kancaku iku duwe dulur sing kuliyah ing
Malang. Mula pondhokan lan pendaftaran bimbingan sing ngurusi dulure kancaku
iku. Pancen kanca iku bisa aweh pengaruh sing gedhe tumrap bocah. Niyatku sing
saben dina arep sinau kerep lali amarga kanca-kancaku. Akeh sing padha ngajak
dolan. Jenenge bocah desa ing kutha gedhe mesthi padha nggumun. Mulih saka
papan bimbingan ora padha sinau nanging malah dolan menyang mall-mall. Wiwitane
aku emoh, nanging suwe-suwe kok ya kepengin. Pisan-pindho aku ya melu. Amarga
awan ngluyur bengine dadi ngantuk, njur ora sida sinau. Sanajan mangkono, aku
tetep ora lali gegayuhanku adoh-adoh menyang kutha gedhe iki. Buku isih
dakcekel. Pasa Senin-Kemis, shalat wengi, lan tirakat-tirakat liyane tansah
daklakoni. Yen wis eling kaya mangkono, aku pilih ngadoh saka kancaku.
Sawijining wengi ing tengah-tengahing
sasi iku aku tilpun ibu. Ibu ora tau mandheg olehe ngendikan yen panjenengane
tansah ndongakake.
“Kula mendhet teknik elektro nggih,
Bu. Sedaya sampun dados guru. Mila kula nggih melu-melu dados guru. Nyuwun
donganipun, Bu.”
“Njupuk apa bae sakarepmu, Gus. Ibu
kuwi ora mbok kongkon ndongakake bae ora tau leren ndongakake kok. Sinaune sing
mempeng ya,” dhawuhe ibu.
Pancen iku kang tansah dak arep-arep
saka ibu. Bubar ibuku ngendikan dumadakan kangmasku melu omong.
“Aja lali lho ya, pilihan pertama kudu
kedhokteran!” ujare kangmasku.
Wiwit saka biyen kangmasku iku pancen
kepengin banget mlebu sekolah kedhokteran. Amarga dheweke ora ketampa, banjur
aku sing didadekake sasarane. Wiwit aku kelas telu anyaran dheweke wis
manas-manasi aku supaya gelem njupuk kedhokteran. Sejatine aku kepengin njupuk
teknik elektro. Kamangka ing SPMB rong jurusan iku padha-padha jurusan favorit.
Miturut tentor bimbinganku, yen njupuk jurusan ora pareng dhuwur kabeh. Yen
bisa salah sawijine kudu sing sangisore. Dadi peluang ketampa gedhe. Nganti
formulir pendaftaran daktampa, aku isih bingung. Nanging sepisan maneh
kangmasku omong,
“Geneya dadak bingung ki? Rak wis
jelas pilihan siji kedhokteran, pilihanmu bisa diselehake pilihan loro.”
“Nanging pilihanku teknik elektro,
Mas. Iku padha dhuwure karo kedhokteran!”wangsulanku ngeyel.
“Rugi yen ora njupuk sing dhuwur
pisan. Wong soal sing digarap padha karo liyane. Ora usah wedi bayarane sing
larang. Yen saka SPMB iku mbayare padha. Wis ta percayaa karo aku!”ujare sajak
meksa.
Kangmasku kuwi lagi lulus kuliyah.
Dheweke biyen ora ketampa kedhokteran, banjur njupuk jurusan biologi ana IKIP.
Pranyata gegayuhane kuliyah kedhokteran sing ora kelakon isih nuwuhake rasa
kuciwa kang gedhe. Adhine banjur dipeksa njajal njupuk kedhokteran. Kamangka
aku ora seneng kedhokteran. Saliyane iku aku ngrumangsani yen ta utegku ora
bakalan nutut. Carane kangmasku pancen pinter. Wis suwe aku diobong-obong murih
gelem njupuk kedhokteran. Amarga omongane kangmasku kuwi, aku wis ora bisa
ngendha maneh. Pilihan kedhokteran dakseleh pilihan siji, lan ngisore lagi
pilihanku, teknik elektro.
Nyedhaki ujian dumadakan ana godha
maneh. Telung dina sadurunge ujian kancaku sakamar ketekan kanca-kancane SMA
cacah loro. Aku karo kancaku sakamar pancen beda sekolahan nalika SMA. Bocah
loro iku padha arep melu SPMB, nanging ora melu bimbingan. Nyawang solah
bawane, aku ngerti yen bocah loro iku ora pati niyat. Bubar iku kamar cilik
sing kudune mung gawe wong loro, diiseni wong papat. Wektu mepet kang kudune
dianggo sinau mempeng malah digawe gojegan. Malah wekasane nalika dina ujian
kari sedina, kancaku sakamar lara.
Dina ujian teka. Aku tilpun ibu ana
omah njaluk pangestune. Nalika iku dakpikir mung pandongane ibu kang bisa gawe
aku lulus. Kancaku meksa melu ujian sanajan lara. Pungkasane wis bisa
disumurupi. Aku, kancaku, lan kancane cacah loro ora ana sing ketampa SPMB
babar pisan.
Setaun aku neng omah. Arep diarani
nganggur, pancen aku nganggur. Bapak wis maringi pilihan yen aku gelem kuliyah
ana IAIN, panjenengane gelem ngragadi. Nanging aku ora gelem, amarga isin karo
kanca-kancaku sing padha ketampa. Lara banget nyawang kanca-kancaku padha
budhal menyang kutha-kutha gedhe, saperlu daftar ulang neng Universitas-Universitas
Negeri. Setaun kuwi, rasane kaya satus taun kanggoku. Aku sing biyen seneng
guyon dadi menengan lan kerep nglamun.
Sawise aku neng omah, kangmasku ora
tau ngajak rembugan prekara kuliyah maneh. Aku ngerti yen dheweke thithik akeh
rumangsa gawe aku gela. Saliyane iku dheweke lagi repot melu tes CPNS.
Sawijining dina mulih saka ndelok pengumuman penerimaan CPNS, dheweke crita
marang ibu.
“Kula boten ketampi. Wong Biologi
lowonganipun kalih, nanging ingkang tumut tes setunggalatus langkung,” ujare
kangmasku.
“Ingkang begja niku guru basa Jawa.
Sedaya ingkang dhaftar ketampi. Lowongan enem ingkang tumut tes namung tiga.”
Ora krasa SPMB wis wayah dhaftaran
maneh. Meh setaun aku ora nyekel buku. Nanging krenteging atiku gawe aku tetep
melu SPMB, amarga pancen iki gegayuhanku wiwit biyen, bisa ketampa SPMB. Ibu
uga ngeparengake. Aku banjur tuku buku latihan-latihan soal. Pengalaman melu
bimbingan taun kepungkur ndadekake aku aras-arasen melu bimbingan maneh.
Dakpikir dadine padha wae yen ora dibarengi niyat lan sinau mempeng. Mula saka
kuwi aku pilih ora melu bimbingan lan sinau dhewe. Kangmasku uga ora cawe-cawe
maneh. Aku bebas gawe pilihan kanggo awakku dhewe. Nanging aku wis ora wani
njupuk dhuwur-dhuwur maneh. Ning angen-angenku aku pengin kuliyah neng IKIP
bae. Pancen kulawargaku kabeh dadi guru.
“Kowe njupuk jurusan apa,
Gus?”pitakone ibu ing sawijining awan nalika aku sinau buku-buku soal.
“Bahasa Inggris, Bu. Kula rumaos
menawi wiwit sekolah rumiyin kula remen bahasa Inggris. Biji kula bahasa Inggris
dhateng rapot nggih sae-sae,”wangsulanku.
“Apa bae kang kok jupuk, ibu seneng,
wong sing nglakoni awakmu. Kabeh kuwi
yen diniyati tenanan mesthi apik ing tembe burine. Aja lali tansah ndedonga
marang Gusti Allah, nyuwun diparingi dalan sing padhang,” dhawuhe Ibu wicaksana
banget.
Nalika ujian aku nunut neng kos-kosane
kancaku kang wis kuliyah ana Malang. Aku pilih Malang maneh amarga taun wingi
wis ngerti panggon-panggonan kang digawe ujian. Sokur banget ujianku lancar ora
ana alangan. Aku bisa nggarap soal-soal, senajan isih akeh sing kosong. Ing
SPMB soal salah nyebabake biji kalong. Mula saka kuwi soal gawe pikiran judheg
aluwung dakkosongi bae, tinimbang bijiku mengko entek.
“Kowe ketampa! Kowe ketampa!” Kangmasku
dumadakan bengok-bengok, mbuyarake wewayangan lelakonku setaun kepungkur iki.
Aku ora pati nggagas ngerti dheweke geger kaya ngono.
“Iki lho. Deloken dhewe yen ora
percaya! Bagus Dwi Cahyo. Sapa yen dudu kowe!” omonge karo nyedhak aku sinambi
nggawa koran.
Aku
wis arep ndelok koran iku, nalika ibu lan bapak rawuh saka tindakan. Kangmasku
langsung mlayu marani ibu ing emperan.
“Pak!
Bu! Bagus ketampi, niki lho naminipun wonten dhateng koran!”ujare kangmasku
marang ibu lan bapakku.
“Ibu
wis ngerti, Di. Ibu mau ya tuku koran,”ngendikane ibu.
“Lha
adhimu ngendi?” pitakone bapak.
Aku
sing krungu banjur metu saka jero. Wis dakdelok dhewe. Pancen jeneng ing koran
iku jenengku. Ora kliru. Nomer pesertane pancen nomerku.
“Dadi
kowe ketampa jurusan bahasa Inggris, Gus?” Bapak takon marang aku.
“Sanes,
Pak.”
“Lho
jaremu kowe biyen njupuk bahasa Inggris?”Ibu katon bingung.
“Inggih
leres kula mendhet bahasa Inggris. Nanging bahasa Inggris menika rak pilihan
pertama. Sampun kula tingali, kode jurusan dhateng koran niki sanes bahasa
Inggris. Dados kula ketampi ingkang pilihan kalih,” sumaurku alon.
Wangsulanku
kuwi ndadekake bapak, ibu, lan kangmasku padha meneng. Banjur ibu takon,
“Kowe
ketampa jurusan apa?”
Wangsulanku
wektu iku pranyata gawe gegere wong saomah. Biyen aku ora kepengin dadi guru.
Nanging Gusti Allah kang Maha Adil
paring dalan liya. Pancen iki dalanku, dadi guru basa Jawa.
***