Selasa, 08 November 2016

Naskah Kethoprak Ampak-Ampak Bumi Bantarangin

Naskah kethoprak iki bisa digunakake kanggo pasinaon. Penulis naskah yaiku Tim Sanggar Bharada Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa FBS Unesa, kang dipandhegani dening Joko Santoso. Sugeng maos!
                                                   
Wewatakane Paraga
1. Adipati Klana Negara
Ø  Kereng, sereng, brangasan.
2. Patih Brakumara
Ø  Sereng, brangasan, kemaki.
3. Lintang Alit
Ø  Sabar, alusan, kalem.
4. Lintang Samodra
Ø  Akas, ora jujur, gumedhe, grusa-grusu.
5. Lintang Permana
Ø  Ora kukuh budine, gumedhe.
6. Adipati Tanjung Negara
Ø  Wibawa, wicaksana, teges.
7. Garwa Prameswari
Ø  Kalem, alus, blaka suta.
8. Patih Candrakala
Ø  Wicaksana, adil, teges.
9. Adipati Megakusuma
Ø  Teges, jujur, wicaksana.
10.  Melathi Sari
Ø  Aleman, centhil, isinan.
11.  Emban 1
Ø  Lugu, teges, blaka.
12.  Emban 2
Ø  Centhil, crewet, judhes.
13.  Resi Dora Pramana
Ø  Lugu, teges, wicaksana
14.  Jaka Mahendra
Ø  Akas, gumedhe, teges.
15.  Putri Kidang
Ø  Kalem, blaka, becik.




Ringkesaning Cariyos
             Kacarita wonten ing kadipaten Bantar Angin ingkang jumeneng nata Adipati Klana Seta, badhe lengser keprabon. 3 putranipun ingkang peparab Lintang Samodra, Lintang Permana klawan Lintang Alit. tetiganya punika sedaya minangka salah satunggalipun ingkang badhe jumeneng nata wonten ing Bantar Angin, mirid  adatipun ingkang badhe jumeneng nata inggih punika putra pambajeng, ananging kasunyatanipun boten kados makaten, Adipati Klana Seta ngawontenaken pandadaran satriya piningit arupi 3 sayembara marang 3 putranipun punika kalawau, wondene ingkang saged unggul punika kang pantes jumeneng nata wonten ing kadipaten Bantar Angin nggantosi Ramanipun.

Sari pathine Babak     
BABAK 1 (Kadipaten Sengguruh)
Adipati Klana Negara ngutus patih Brakumara pados garwa kagem Adipati, ingkang badhe dipungarwa inggih punika Andan Sari.
BABAK 2 (Dalan)
Lintang Samodra murih adhinipun Lintang Alit supados purun angrawuhi wonten ing pasewakan agung.
BABAK 3 (Kadipaten Bantar Angin)
Adipati Klana Seta nyuwun priksa dhumateng para yoganipun (3) mahanani kados pundi menawi para yoganipun punika mangke dados Adipati. Amargi Adipati badhe lengser keprabon, tumuli Sang Adipati ngawontenaken sayembara ingkang kaping 1.
BABAK 4 (Alun- Alun Bantar Angin)
Sayembara sapisan adu kanoragan juru kisas, Lintang Alit unggul.
BABAK 5 (Wana)
Adipati Klana Seta kepalang sardula, tumuli ngawontenaken sayembara kapindho inggih punika pados garwa.
BABAK 6 (Taman Bantar Angin)
Dhagelan
BABAK 7 (Dalan)
Patih Brakumara ngruda paripeksa Andan Sari dados garwanipun Adipati Klana Negara, ananging angsal kapitulungan Lintang Permana. tumuli Adipati Megakusuma paring bebingah arupi putrinipun inggih punika Andan Sari.   


BABAK 8 (Sendhang)
Melati Sari kaliyan emban 2 siram wonten sendhang, tumuli pirsa sawer sawa ageng, Melati Sari badhe dipun mangsa, ananging angsal kapitulungan saking Lintang Samodra.
BABAK 9 (Padhepokan Bumi Loka)
Resi Dora Premana paring pituduh marang Jaka Mahendra kalian cantrik 2. Melati Sari kondur ing padhepokan kaliyan Lintang Samodra badhe nggarwa Melati Sari ananging kedah saged ngasorake Jaka Mahendra.
BABAK 10 (Wana)
Prang tandhing  Lintang Samodra kaliyan Jaka Mahendra. Lintang Samodra unggul.
BABAK 11 (Wana)
Lintang Alit nalasak wonten wanawasa, datan enget pringganing marga anggenipun kondur. Tumuli dipun paring pitulungan dening kidang. Ananging si kidang nyuwun dipun garwa Lintang Alit, lajeng dipun sarujuki.
BABAK 12 (Kadipaten Bantar Angin)
Lintang Alit mboyong kidang dhateng kadipaten, tumuli Adipati ngawontenaken sayembara kaping katiganya inggih punika ndamel busana.
BABAK 13 (Kadipaten Bantar Angin)
Busana ingkang dipun agem putri Kidang ingkang trep. Tumuli Adipati badhe dhaupaken putranipun sedaya.
BABAK 14 (Kadipaten Bantar Angin)
Adipati Klana Seta gadah damel, nalikanipun sungkeman si kidang badhar dados widodari, tumuli ingkang ngunggulaken saruntutanipun sayembara punika  Lintang alit. Tumuli Lintang Alit minangka ingkang dados Adipati wonten ing kadipaten Bantar Angin. 










BABAK I
          Papan    : Kadipaten Sengguruh
          Swasana: resmi (sowan dalem)
          Paraga  : Adipati Klana Negara,Patih.Brakumara,Prajurit.
Adegan 1
Prajurit blendrongan (gelar tari prajurit) amiwiti pasewakan
Adegan 2
A.Kln Negara  : Sangyaning para nayaka praja ana ing kadipaten Sengguruh, diprayogakna anggonmu padha pepak andher.
Kabeh              : Sendika dhawuh Sinuwun.
P.Brakumara   : Sarawuhipun panjenengan kula ingkang abdi Patih Brakumara,ngaturaken sungkem pangabekti,mugi konjuk wonten ngarsanipun panjenengan Kanjeng Adipati.
A.Kln Negara  : Ya…ingsun tampa sira ngaturake sembah pangabekti,nora kliwat puja pangestu ingsun tampanana kakang Patih Brakumara.
P.Brakumara   : Nuwun inggih Kanjeng Adipati,kula tampi kanthi asta kekalih mugia saged ndadosaken jejimat salaminipu anggen kula gesang.
A.Kln Negara  : Ya kakang Patih,diprayogakna anggonmu sowan,samana uga para nayaka praja Guntur  Agung,diprayogakna anggonmu sowan.
Prajurit            : Sendika dhawuh Kanjeng Sinuwun
A.Kln Negara  : Bali marang jeneng sira kakang Patih?
P.Brakumara   : Dhawuh katimbalan kula Sinuwun
A.Kln Negara  : Ingsun kepengin mangerteni kepriye anggonmu ngayahi jejibahan,tumrap tata tentreming     Kadipaten Sengguruh
P.Brakumara   : Inggih Kanjeng Sinuwun,keparengna kula badhe matur, minggah anggen kula ngayahi jejibahan,kaanan wonten Kadipaten Sengguruh sapunika sedaya ayem tentrem,gemah ripah loh jinawi,Kanjeng Adipati.
A.Kln Negara  : Hahaha…ya…ya… kakang Patih,pawartamu iki bisa agawe bungahing manah ingsun.Ananging kakang Patih, sasuwene ingsun jumeneng nata ana Kadipaten Sengguruh, yen ingsun dulu, isih ana kang kurang jangkep ana pasewakan kene.
P.Brakumara   : Nuwun pangapunten ingkang kathah Kanjeng Adipati, menawi dipun keparengaken priksa,punapa ingkang taksih kirang jangkep punika Kanjeng, awit sedaya bandha bandhu,emas picis raja brana sarta sato iwen boten kakirangan sedaya Kanjeng Sinuwun.
A,Kln Negara  : Hahaha…ya pancen kepara nyata kakang Patih,yen prakara bandha bandhu, ingsun nora kurang, ananging ingsun ewuh,marang sapa sing bakal nglenggahi dhampar jejer sesandhingan klawan ingsun kene,kakang Patih.
P.Brakumara   : Lho!hahaha…nuwun pangapunten ingkang kathah Kanjeng Adipati, manawi panjenengan ngersakaken garwa,putri pundi ingkang panjenengan kersakaken,kula sagah ndhodhog korinipun,nginan jambe suruhipun.
A.Kln Negara  : Ya kakang Patih,miturut pawarta saka tilik sandhi ingsun,ana Kenya kang ayu manis,Kenya iku peparab putri Andan Sari putra Adipati Megakusuma saka Kadipaten Bantheng Baskara.Mangka iku sira kudu bisa mboyong Andan Sari,kakang Patih.
P.Brakumara   : Manawi punika ingkang panjenengan kersakaken,kula sagah nglamaraken Andan Sari kagem panjengan.ananging, kula nyuwun idi palilah panjenengan kula badhe mbekta prajurit sacekapipun,bokmanawi mangke panglamaripun panjenengan dipun tampik,praja Bantheng Baskara badhe kula dadosaken karang abang.
A.Kln Negara  : Hahaha….ya kakang Patih banyu mili pangestu ingsun.
P.Brakumara   : Lajeng,benjang punapa anggen kula bidhal nglamar putri Andan Sari.
A.Kln Negara  : Saiki uga enggal-enggal budhala kakang Patih.
P.Brakumara   : Ngestokaken dhawuh Kanjeng Adipati.

BABAK II
          Papan    : dalan
          Swasana: kendho (santai)
          Paraga  : Lintang Alit,Lintang Samodra  
Adegan 1
L.Alit              : Lho…lho…kobisa ya…? semut samono cilike, ngangkat balung samono gedhene. Kamangka yen dipikir, bobote balung luwih abot tinimbang semut. O….ya! jebule kaya mangkono,dadi kabeh pakaryan sing kirane abot,yen ditandhangi bebarengan bakal kaleksanan kanthi entheng, saupama manungsa nduweni pratikel kaya semut, bokmanawa ora bakal kabotan anggone ngrampungake pakaryan.
L.Samodra      : Lho…jebule sliramu ana ing kene ta?dhimas…dhimas!!!
L.Alit              : Inggih kakang (kaged)
L.Samodra      : Dhimas,sliramu iku lho ngomong karo sapa?daksawang-sawang saka njaba koguneman dhewe kaya wong edan.
L.Alit              : Punika lho kakang,kula guneman kaliyan semut.
L.Samodra      : Waduh!edan tenan iki,ora lho,kewan iki ora bisa ngomong, ananging kobisa sliramu iku guneman karo kewan. Wis…wis!(ngidaki semut)
L.Alit              : Lho kakang!, sampun dipidaki semut punika.
L.Samodra       : Wis kareben, apa sliramu ora mangerteni dhimas, yen ing pendhapa saiki ana pasewakan agung.
L.Alit              : Inggih kakang, sajatosipun kula pancen boten purun sowan dhateng pasewakan agung, awit manawi kula tingali, punapa ingkang dipun aturaken sapunika boten sami kaliyan kasunyatan sapunika. Pramila saking punika boten wonten ginanipun manawi kula sowan dhateng pasewakan agung sapunika kakang.
L.Samodra      : Ya…,ananging ora kaya mangkono ta dhimas, sing wigati sliramu kudu bisa ngajeni marang Kanjeng ramamu.
L.Alit              : Inggih kakang, manawi makaten sumangga sapunika sesarengan sowan dhateng pasewakan.
L.Samodra      : Ya…ayo dhimas dhisika.
L.Alit              : (Mlaku ndingkluk nglokro)
L.Samodra      : Sik…sik! mandhega dhimas, aja mirang-mirangake kakangmu iki. Putra adipati mlakune konglokro kaya ngono.
L.Alit              : Lha banjur kados pundi kakang?
L.Samodra      : Iki coba gatekna kakangmu, dadi putra Adipati kuwi yen lumaku kudu cakrak (nuladhani). Wis saiki banjur sliramu.
L.Alit              : Inggih.

BABAK III
          Papan    : Kadipaten Bantar Angin
          Swasana: resmi (sowan dalem)
          Paraga  : Adipati Klana Seta, Patih Candrakala, Garwa Prameswari, 3 putra, Prajurit.
Adegan 1
A.Tj Negara    : Sangyaning para nayaka praja ana ing Kadipaten Bantar Angin, diprayogakna anggonmu padha pepak andher.
Kabeh              : Sendika dhawuh Sinuwun
P. Candrakala  : Kula Patih Candrakala ngaturaken sungkem pangabekti mugi konjuk wonten ngarsanipun panjenengan Kanjeng Adipati.
A.Tj Negara    : Ya ingsun tampa sira ngaturake sungkem pangabekti kakang patih, nora kliwat puja pangestu ingsun tampanana ya kakang Patih.
P. Candrakala  : Inggih kanjeng Adipati, kula tampi kanthi asta kekalih, mugi ndadosaken jejimat salaminipun anggen kula gesang.
A. Tj Negara   : Yen kaya mangkono diprayogakna anggonmu sowan.
G. Prameswari : Samanten ugi kula kangmas, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugia konjuk wonten ngarsanipun panjenengan kangmas.
A. Tj Negara   : Ya, diajeng garwaningsun, daktampa sungkem pangabektimu, nora kliwat puja pangestu ingsun tampanana ya dianjeng.
G. Prameswari : Inggih, kula tampi kanthi asta kekalih mugia saged ndadosaken teguh kawinayanan kula.
A. Tj Negara   : Ya, diprayogakna anggonmu sowan.
L. Samodra     : Sungkem pangabekti kula, mugia konjuk wonten ngarsanipun panjenengan kanjeng rama.
A. Tj Negara   : Ya, ingsun tampa sungkem pangabektimu putra ingsun Lintang Samodra, nora kliwat puja pangestu Kanjeng rama tampanana ngger.
L. Samodra     : Kula tampi kanthi asta kekalih,mugia ndadosaken jejimat salaminipun anggen kula gesang Kanjeng rama.
L. Permana      : Samanten ugi kula Lintang Permana, ngaturaken sembah pangabekti dhumateng panjenengan Kanjeng rama.
A.Tj Negara    : Ya, putra ingsun Lintang Permana,ingsun tampa sembah pangabektimu ngger.
L. Alit             : Samanten ugi kula Lintang Alit, ngaturaken sembah pangabekti dhumateng panjenengan Kanjeng rama.
A. Tj Negara   : Ya…ya…ngger, putra ingsun Lintang Alit, ingsun tampa sembah pangabektimu ngger. Samana uga sira kabeh para prajurit ing Kadipaten Bantar Angin dikepenakna anggonmu pepak ander.
Prajurit            : Sendika dhawuh sinuwun.
A. Tj Negara   : Bali marang jeneng sira kakang Patih.
P. Candrakala  : Dhawuh katimbalan Kanjeng Adipati.
A. Tj Negara   : Kepriye anggonmu mengku jejibahan mahanani tata tentreming Kadipaten Bantar Angin?
P. Candrakala  : Nuwun inggih Kanjeng Adipati, keparengna kula badhe matur, minggah anggen kula ngayahi jejibahan boten wonten ingkang nguciwani. Para kawula wonten Bantar Angin saking kutha praja ngantos dumugi karang padhusunan sedaya sami sengkut anggenipun makarya. Boten kirang sandhang boga papan gemah ripah loh jinawi. Lan sedaya sami nyengkunyung anggenipun panjenengan jumeneng nata wonten ing Bantar Angin.
A. Tj Negara   : Hahaha…, Ya ya.. kakang Patih, apa sing sira aturake iku agawe bungahing lan bombonging manah ingsun.
P. Candrakala  : Matur sembah nuwun Kanjeng Adipati.
A. Tj Negara   : Ngger, kabeh putra ningsun, sing dakgadhang gadhang Lintang Samodra, Lintang Permana, lan Lintang Alit.
3 Putra             : Dhawuh katimbalan Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Mangertenana ya ngger, putra ningsun kabeh, sawetara iki anggen ingsun jumeneng nata ing Bantar Angin iki, wis kepara sepuh, wis titi wancine lengser keprabon. Mula, ora ana kang bakal nglenggahi dhampar keprabon kajaba salah sawijining saka sliramu kabeh.
3 Putra             : Sendika dhawuh Kanjeng Rama.
A.Tj Negara    : Bali marang jeneng sira Kakang Patih.
P. Candrakala  : Dhawuh katimbalan kula Sinuwun.
A. Tj Negara   : Kakang Patih, yen miturut panggrait panjenengan, ingsun kudu kepriye? Kamangka ingsun duwe putra 3. Dadi sapa sing pantes nglenggahi dhampar keprabon iki?
P. Candrakala  : Nuwun pangapunten ingkang kathah saderengipun Sinuwun, manawi miturut angger- angger saha pranatan urutipun, putra ingkang kaping satunggal punika ingkang pantes nglenggahi dhampar keprabon. Manawi sapunika sampun wonten angger- angger saha pranatanipun, punika kedah dipun laksanakaken.
A. Tj Negara   : Hahaha…pancen bener apa sing sira aturake. Kadipaten Bantar Angin kudu njunjung asas demokrasi, ananging apa iku bisa adil tumrap putra ingsun liyane kaya Lintang Permana lan Lintang Alit. Nuli kepriye anggen ingsun nemtokake sapa sing pantes nglenggahi dhampar keprabon, luwih- luwih yen miturut wangsit saking Jawata, Kadipaten Bantar Angin bisa dadi negara kang kerta raharja, gemah ripah loh jinawi, yen dipandhegani dening satriya piningit kang mijil saka putra ingsun kakang Patih.
P. Candrakala  : Manawi makaten, miturut pamanggih kula, para bakal calon Adipati punika kedah dipun wontenaken pandadaran satriya piningit saderengipun jumeneng nata. Lan ugi kedah dipun suwuni priksa visi lan misi punapa kemawon ingkang badhe ditindakaken yen ta samangke dados Adipati wonten ing Kadipaten Bantar Angin.
A. Tj Negara   : O…..ya ya ya, dadi kaya mangkono kakang Patih.
P. Candrakala  : Dhawuh leres Kanjeng Sinuwun.
A. Tj Negara   : Ngger putra ningsun kabeh, sliramu mesthine wis mangerteni apa sing Kanjeng Rama rembug klawan Patih Candrakala, mula saka iku, kanggo mangerteni sajatine sapa satriya piningit, ingsun bakal nganakake pandadaran satriya piningit, ananging sadurunge Kanjeng Rama kepengin mangerteni kepriye mungguhing panemumu lan panggagasmu yen ta klakon dadi Adipati. Ingsun wiwiti saka sliramu Lintang Samodra, coba matura ngger.
L. Samodra     : Inggih Kanjeng Rama, nyuwun pangapunten saderengipun menawi kula mangke ingkang dados Adipati, kula badhe mangun menara saking kencana ingkang inggil, supados Negara manca saged ningali jayaning Kadipaten sapunika saking gumebyaring kencana ingkang sampun kawangun wonten ing Kadipaten Bantar Angin. Saengga Kadipaten punika saged ketawis kuncara.
A. Tj Negara   : Hahaha… apik ngger, dadi sliramu kepengin mbangun menara saka emas murih Kadipaten Bantar Angin bisa kondhang kaloka. Kakang Patih kaya mangkono iku kang dadi gegayuhane putraku Lintang Samodra.
P. Candrakala  : Nuwun inggih Kanjeng Adipati, sapunika sae kemawon, dados Kadipaten punika saged kawentar.
A. Tj Negara   : Ya pancen bener iku Patih, putrane sapa sing mesti? Ya ya ya ngger muga- muga apa sing dadi sedyamu bisa kasembadan.
L. Samodra     : Matur suwun Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Banjur sliramu kepriye putraku Lintang Permana? apa sing dadi visi lan misimu enggal matura ngger.
L. Permana      : Dhawuh katimbalan Kanjeng Rama, menawi kula dados Adipati kula boten sami kaliyan punapa ingkang sampun dipun aturaken dening kakang Lintang Samodra.
A. Tj Negara   : Lho dadi gegayuhanmu ora padha karo kakangmu.
L.Permana       : Dhawuh leres Kanjeng rama.
A. Tj Negara   : Lha iki ngono sing jenenge putraku kakang Patih, dadi samubarang iku ora perlu padha lan ora perlu ngrepek duweke liyan, kaya mahasiswa wae yen wanci Uts lan Uas padha bingung anggone ngrepek. Ha haha… banjur bacutna anggonmu matur ngger.
L. Permana      : Nuwun inggih Kanjeng Rama, manawi kula ingkang dados Adipati kula badhe gladhi saha nggulawanthah para prajurit lan tamtama, supados samangke bilih wonten pawongan ingkang badhe njongkeng kawibawanipun panjenengan, cekap kang putra ingkang badhe brastha lan ugi kula nggadahi sumpah kados sumpahipun Patih Gajahmada, inggih punika Tan Hamukti Palapa. Manawi saged praja- praja wonten ing nusa Jawi punika kedah teluk wonten Kadipaten Bantar Angin.
A. Tj Negara   : Hahaha… apik ngger gegayuhanmu iku, rak ya kaya mangkono ta kakang patih.
P. Candrakala  : Inggih Sinuwun, punika gegeyuhan ingkang sae, saengga saged dipun sengkuyung sesarengan.
A. Tj Negara   : Ya…ya ya muga- muga gegayuhanmu iku bisa kasembadan ya ngger Lintang Permana.
L. Permana      : Matur suwun Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Sing pungkasan banjur sliramu kepriye putraku Lintang Alit? Ngger putraku…… Lintang Alit? Waduh iki kepriye kakang Patih, putraku Lintang Alit ingsun dangu ko ora mangsuli.
P. Candrakala  : Nuwun pangapunten Kanjeng Adipati, putra panjenengan sapunika sare.
A. Tj Negara   : Lho…! turu! coba putraku Lintang Permana gugahen adhimu sing turu iku.
L. Permana      : Dhawuh katimbalan Kanjeng Rama. ( nggugah adhine). Dhimas ..dhimas…….dhimas Lintang Alit!!!(nggetak)
L. Alit             : Sendika dhawuh Kanjeng Rama, kula badhe bidhal sapunika dhateng palagan paprangan!(jenggelek langsung ngadeg arep mlayu).
A. Tj Negara   : Lho…lho…lho, sing arep perang iku sapa putraku Lintang alit? Eling ngger eling.
L. Alit             : Nyuwun pangaputen ingkang kathah Kanjeng rama.
A Tj Negara    : Mangka saka iku ngger, aja kakean ndelog bal- balan bae yen bengi iku, mundhak salang surup kaya mangkene iki dadine.
L Alit              : Inggih Kanjeng Rama
A.Tj  Negara   : Ngger putra ingsun Lintang alit
L. Alit             : dhawuh katimbalan kula kanjeng rama
A. Tj Negara   : Banjur saiki apa kang bakal kotindakake, yen sliramu bakal dadi Adipati, coba matura ngger.
L. Alit             : Nyuwun pangaputen ingkang kathah saderengipun kula matur kanjeng rama, sapunika kula boten purun dados Adipati kanjeng rama.
A. Tj Negara   : Lho….! Sliramu ora gelem, kepriye ta ngger..ngger, sliramu kuwi putra Adipati, salah sawijining kang bakal ngganteni ramamu iki lho ngger.
L. Alit             : Nyuwun pangaputen ingkang kathah kanjeng rama. Kula sapunika boten purun nglenggahi dhampar keprabon.
A. Tj Negara   : Dadi sliramu tetep ora gelem tenan! Waduh cilaka iki kakang patih, piye iki kakang?
P. Candrakala  : Nuwun pangapunten Kanjeng adipati, sampun sisah dipun penggalih, panjenengan pasrahaken kemawon dhumateng kula.
A Tj Negara    : Ya…kakang Patih.
P. Candrakala  : Nuwun sewu Raden Lintang Alit, panjenengan punika salah satunggalipun putra adipati, dados inggih panjenengan punika mangke ingkang badhe nyepeng bang bang aluming praja punika, dados kados pundi bilih panjenengan samangke dados adipati.
L. Alit             : Nyuwun pangaputen paman Patih Candrakala, kula sampun matur, manawi kula boten purun dados adipati, amargi kula ajrih kados pundi tanggel jawab kula kaliyan Gusti kula. Kamangka dados narendra punika kedah gadhah jiwa kawicaksanan lan ugi kedah berbudi bawa leksana paman Patih.
P. Candrakala  : Nyuwun sewu Raden, kula ngertos yen dados adipati punika boten gampil, ananging punika sampun dados pranatan kaliyan kwajiban panjenengan Raden, lan ugi panjenengan kauningani kemawon, kathah para muda ingkang kepingin angsal panguwasa. Kados pundi Raden?
L. Alit             : Paman Patih sampun ta, kula boten sisah dipeksa ta paman. Punika naminipun pemerkosaan paman patih. Sampun, Saniki saupami panjenengan dados adipati kepripun paman Patih?
P. Candrakala  : Lho…! Punika boten saged makaten Raden.
A. Tj Negara   : Ya…! Bener iku padha karo melanggar HAM kakang Patih.
P. Candrakala  : Inggih nyuwun pangapunten kula, pun saniki makaten kemawon Raden, bilih saupami panjenengan dados Adipati, punapa ingkang panjenengan tindakaken ?
L. Alit             : Punika namung saupami lho nggih paman, dados boten kasunyatan lho.
P. Candrakala  : Inggih leres Raden, punika namung tembung saupami kemawon, saupami panjenengan dados adipati kepripun Raden?
L. Alit             : Inggih, saupami kula dados adipati ingkang baku kula boten sami kaliyan punapa ingkang sampun dipun wedharaken dening kakang Lintang Samodra lan ugi kakang Lintang Permana paman.
A. Tj Negara   : Lho, ora padha kakang Patih.
P. Candrakala  : Inggih Sinuwun, mesthi sae punika mangke.
A. Tj Negara   : Banjur kepriye putraku?, coba matura.
L. Alit             : Inggih Kanjeng Rama, manawi kula dados adipati kula botena badhe mangun menara saking kencana, amargi punika betahaken bandha bea ingkang boten sakedhik, langkung- langkung punika mangke saged nelasaken kas APBN ingkang samesthinipun kagem kawula alit.
A. Tj Negara   : Ya…ya ngger bener kandhamu iku, apik..apik, terus bacutna ngger.
L. Alit             : Inggih Kanjeng Rama, lan ugi kula botena badhe ekspansi utawi njembaraken bang bang aluming praja Bantar Angin, awit sapunika saged anjalari paprangan,lan ugi kedah dipun emut, paprangan punika bilih dipun serat damel aksara punapa kemawon naminipun paprangan mesthi kejem. Tuladhanipun kathah randha ingkang dipun tilar bojonipun,kathah yoga,garwa lan ugi bandha ingkang ical,lan taksih kathah sanesipun.
A. Tj Negara   : Hahaha…ya iki anakku (karo keplok-keplok) rak ya ngono ta Lintang Alit anakku?
L.Alit              : Boten makaten Kanjeng Adipati,tiyang kakung punika boten saged mbobot, punapa badhe medal saking kentol?
A. Tj Negara   : Ya ora kaya mangkono lho ngger,ora-orane ingsun ya melu nyumbang ta, hahaha…Banjur apa kang dadi tumindakmu putraku Lintang Alit?
L. Alit             : Inggih, manawi kula badhe ngempalaken para kere-kere wonten ingkang wonten kadipaten punika.
A. Tj Negara   : Lho…lho…lho…! Kogawe apa? (kaget)
L. Alit             : Para kere-kere punika badhe kula dadosaken nayaka praja wonten ing kadipaten Bantar Angin.
G Prameswari  : Lho…sing kokarepake kepriye ta ngger? Apa sliramu ora luput?
L Alit               : Nuwun pangapunten Kanjeng Rama lan Kanjeng ibu, kula keparengna badhe matur limrahipun ingkang dados nayaka praja wonten nagari punika taksih sanak kadang lan ugi dulur duluripun piyambak. Lha punika ingkang dipun wastani KKN (Kanca-KancaNipun) benten kaliyan para kere-kere punika manawi didadosaken nayaka praja tartamtu kemawon badhe mikiraken kawula alit amargi, para kere sampun ngraosaken kados pundi sangsaranipun para kawula.
A.Tj Negara    : Oh…, dadi kaya mangkono sing  kokarepake. Sajatine apa kang kotindakake iku pancen bener apa anane, mula saka iku ingsun bakal nganakake sayembara gawe sliramu kabeh sing kudu dilakukoni.
L. Samodra     : Nyuwun pangapunten Kanjeng Rama,sayembara punapa ingkang kedah kula kaliyan rayi kula tindakaken Rama?
A. Tj Negara   : Ya!padha mirengna kang satiti putra ningsun, sliramu kabeh kudu bisa ngupadi Juru Kisas sasuwene 3 dina, kang kawiwitan dina iki.Nuli yen wis antuk  juru kisas bakal ingsun tandhingake ing satengahing alun-alun.
L. Alit             : Nyuwun pangapunten saderengipun Kanjeng Rama,punapa ingkang dipun wastani juru kisas punika Kanjeng Rama?
A. Tj Negara   : Mangkene ya ngger, juru kisas iku sapa-sapa sing bisa njaga bendarane ing ngendi wae papan dununge. Mula yen ngupadi juru kisas iku kudu sing sekti mandraguna.
3 Putra             : Ngestokaken dhawuh Kanjeng Rama.
A.Tj Negara    :  Ya…ya ngger putra ingsun kabeh. kakang Patih?
P. Candrakala  :  Dhawuh katimbalan kula Sinuwun
A. Tj Negara   :  Rehning wis ora ana kang ingsun aturake,mula pasewakan dina iki kena kabubarake.
P. Candrakala  : Sendika dhawuh Kanjeng Adipati.

BABAK IV
            Papan : Alun-alun Bantar Angin
            Swasana: kenceng (tegang)
            Paraga: A.Klana Seta, P. Candrakala, 3 Putra, 2 Juru Kisas, 1 Sona
Adegan 1
A.Tj Negara    : Kakang Patih Candrakala.
P. Candrakala  : Dhawuh katimbalan sinuwun.
A. Tj Negara   : Kepriye anggen sira ngayahi jejibahan mahanani sayembara iki.
P. Candrakala  : Inggih sinuwun sedaya sampun rampung, sampun siaga. Langkung prayogi enggal- enggal dipun wiwiti kanjeng.
A. Tj Negara   : Ya kakang Patih, ngger putra- putra ingsun, dina iki sliramu bakal disekseni mring kawula kabeh. Mula unjukna juru kisasmu Lintang Permana, Lintang Samodra, lan Lintang alit.
L. Alit             : Inggih punika rama.
A. Tj Negara   : Lho…! Apa iki! Iki ngono rak ya sona ta, lha kena apa sliramu kobisa nggawa sona iki. Samesthine rak ya pawongan sing gedhe tur dhempal- dhempal ngono ta?, kaya sing digawa dening kakang- kakangmu iki lho.
L. Alit             : Inggih kanjeng rama, keparengna kula badhe matur sanajan punika awujud sona, ananging saged njagi kula rama.
A. Tj Negara   : Wis mangsa bodhoa, yen iku pancen bisa njaga sliramu. Kakang patih enggal wiwitana.    
P. Candrakala  : Sendika dhawuh Kanjeng Adipati. Wara- wara para kawula kang ana ing Bantar Angin padha seksenana kabeh ing papan iki bakal ana sayembara prang tandhing juru kisas, mangka saka iku padha seksenana. Mangga juru kisasipun Raden Lintang Samodra lan juru kisasipun Raden Lintang Permana kula aturi minggah. ( karo nggawa bendhe)
Adegan 2
(Juru kisas Lintang Samodra VS juru kisas Lintang Permana, juru Kisas Lintang Permana Unggul)
P. Candrakala  : Para kawula kabeh minangka anyekseni, kang ngunggulake yaiku juru kisas Raden Lintang Permana. Banjur saiki juru kisas Raden Lintang Permana klawan juru kisas Raden Lintang Alit.
( juru kisas Lintang Permana kasor dening juru kisas Lintang alit)
P. Candrakala  : Para kawula kabeh minangka anyekseni kang ngunggulake yaiku juru kisas Raden Lintang Alit. dadi kang ngunggulake sayembara kaping kapisan iki dening Raden Lintang Alit.
A. Tj Negara   : Putra ningsun kabeh, wis kasunyatan yen sing ngunggulake sayembara kang kapisan iki Lintang Alit. mula iku kanjeng rama bakal maringi sayembara kang kapindho sabubuare mbedhag kewan.
3 Putra             : Sendika dhawuh kanjeng Rama.







BABAK V      
            Papan : wana ( Alas)
            Swasana: tintrim (wedi)
            Paraga: A. Tj Negara, P. Candrakala, 3 Putra, Prajurit, Sona.
Adegan 1
A.Tj Negara    : Kakang Patih, dina iki mau ingsun koora jenjem, kena apa ya?
P. Candrakala  : Nuwun sewu Kanjeng, punika bokbilih namung kraosipun manah panjenengan kemawon, ingkang sampun sayah anggenipun mbedhag.
A. Tj Negara   : Apa ya kaya mangkono ta kakang Patih, ananging arep ana apa iki?
Adegan 2
Macan             : (nggereng-nggereng aneng njaba)
A.Tj Negara    : Lho…!! Swara apa kae, kakang Patih coba ana apa kuwi?
P.Candrakala   : Waduh..!wonten sardula Sinuwun, mangga enggal- enggal medal kemawon.
A. Tj Negara   : Prajurit…!prajurit…!
L. Alit             : Wonten punapa Kanjeng Rama?
Prajurit                        : Sampun Gusti, panjenengan sedaya enggal- enggal sumingkir saking papan ngriki.Cekap kula kemawon ingkang mengsah sardula punika.
A.Tj Negara    : Ya wis! Ayo padha sumingkir saka papan kene.
(Prajurit kasoran mungsuh sardula,banjur sona teka langsung kerah karo sardula,nuli sona kang unggul)
L. Samodra     : Lho…Lho… Lho jebul sona iki kotrengginas.
L. Permana      : Pancen leres kakang, sanajan mung awujud sona ananging saged ngasoraken sardula ageng kados makaten.
L. Alit             : Boten makaten kakang, sajatosipun kula inggih boten mangertosi manawi sona punika saged ngasoraken sardula.
A. Tj Negara   : Ya ! pancen Kepara nyata apa sing dikandhakake kakangmu, Lintang Alit. yen sona kang dadi juru kisasmu iku pancen sekti. 
P. Candrakala  : Inggih leres kanjeng Adipati.
A. Tj Negara   : Ya wis yen kaya mangkono, saiki bakal ingsun paringi sayembara kang kapindho, mula padha wigatekna. kanjeng Rama kepengin sliramu kabeh ngupadi garwa lan uga kudu bisa agawe gayuh manah ingsun.
L. Samodra     : Manawi makaten kedah kula kaliyan rayi kula tindakaken kanthi wekdal pinten dinten kanjeng Rama?
A. Tj Negara   : Ora kurang saka sepasar, sliramu kabeh kudu bisa nggawa garwa ing ngarsane kanjeng Rama lan Ibumu ana ing kadipaten.
3 Putra             : Ngestokaken dhawuh kanjeng Rama.
P. Candrakala  : Nuwun Pangapunten kanjeng Adipati, amargi wekdalipun sampun sonten, punapa boten langkung prayogi manawi dipun lajengaken wonten kadipaten kemawon.
A. Tj Negara   : Apa ya kaya mangkono kakang Patih.
P. Candrakala  : Inggih kanjeng Adipati, langkung prayogi makaten.
A. Tj Negara   : Ya wis yen kaya mangkono, ayo padha bali kabeh menyang Kadipaten.

BABAK VI     
            Papan : Taman Bantar Angin
            Swasana: Gegojegan
            Paraga : Ki Sumidi, Ki Sadirun

BABAK VII
            Papan : dalan
            Swasana: kenceng (tegang)
            Paraga : Andan Sari, Patih Brakumara, A. Megakusuma, L. Permana, Prajurit
Adegan 1
( Andan Sari dibopong arep diruda peksa dening Patih Brakumara)
P. Brakumara  : Wis nduk! Cah ayu ora usah nangis, mundhak gelis tuwa lho ngger.
Andan Sari      : Tulung….!tulung…..!
P. Brakumara  : Wis Sirep wong ayu, sliramu arep dakgawa ing Kadipaten Sengguruhsaperlu digarwa Adipati Klana Negara. Hahaha…wis manuta bae mundhak ora lara tur mesthi penake.
Andan sari       : Boten… boten kisanak! Tulung…tulung!
Adegan 2
L. Permana      : Mangke rumiyin kisanak!
P. Brakumara  : Hahaha…lho! Sapa kowe, wani- wanine gawe pepalang anggonku mlaku. Apa wis bosen urip kowe.
L. Permana      : Mangke rumiyin kisanak. panjenengan tepangaken, kula Lintang Permana. nyuwun pangapunten kisanak, kisanak punika sinten? Lan sinten putri punika?
P. Brakumara  : Hahaha…wis kowe ora usah melu cawe- cawe, iki dudu urusanmu. Iki ngono bojo- bojoku dhewe, arep dakapakna tetep bojoku.
L. Permana      : Boten saged kisanak! manawi punika garwanipun panjenengan, dene wonten punapa koboten sarujuk?
Andan Sari      : Tulung Raden, punika sanes garwa kula.
L. Permana      : Kisanak, punapa leres ingkang sampun diaturaken punika?
P. Brakumara  : Wis ora usah kakean omong!, yen isih kena dakeman, mula ndang sumingkira saka papan iki!
L. Permana      : Lho…yen punika dados panyuwunipun panjenengan sumangga!
P. Brakumara  : Dadi sing kojaluk kaya mangkono, prajurit…!
( Gepuk L. Permana vs prajuit, banjur L.Permana vs P. Brakumara, P. Brakumara mati)
Andan Sari      : Matur suwun Raden.
L. Permana      : Wis ora dadi mangapa, saiki ora usah wedi cah ayu, sajatine kena apa kobisa sliramu arep dirodapeksa kaya mangkono.
Andan Sari      : Nyuwun ngapunten Raden, cariyosipun makaten sabubaripun kula wangsul saking taman Kaputren wonten satengahing margi kula dipun pepalang lan dipun cepeng kaliyan patih Brakumara, lajeng kula dipun bekta wonten papan mriki.
L. Permana      : O…dadi kaya mangkono.
( Adipati Megakusuma karo prajurit mlebu)
Andan Sari      : Kanjeng rama…!
A.Mgkusuma  : Lho ngger, putriku Andan Sari! Kepriye nduk sliramu ora kena apa- apa ta?
Andan Sari      : Boten punapa- punapa kanjeng Rama, sapunika kula dipun pitulungi kaliyan Raden punika.
A.Mgkusuma  : O…Raden! Matur nuwun panjenengan sampun maringi pitulungan dhumateng putri kula.
L. Permana      : Boten dados punapa, punika sampun dados tanggel jawab kula, manawi wonten pawongan ingkang betahaken kapitulungan.
A.Mgkusuma : Nuwun sewu Raden sajatosipun panjenengan punika sinten?,
L. Permana      : Nuwun pangapunten ingkang kathah kanjeng Adipati, kula paring asma Lintang Permana putra  saking Kadipaten Bantar Angin
A.Mgkusuma  : Lho…tobat- tobat, dados panjenengan punika putranipun Adipati Klana Seta.
L. Permana      : Dhawuh leres kanjeng Adipati.
A.Mgkusuma  : Nanging panjenengan kosaged dumugi wonten tlatah Bantheng Baskara ngriki, kepripun larah- larahanipun Raden?
L. Permana      : Inggih, dugi kula wonten ngriki boten sanes kula ngupadi Kenya ingkang tembe wingkingipun badhe kula dadosaken garwa.
A.Mgkusuma  : O…dados makaten, saniki amargi panjenengan sampun paring pitulung dhumateng putri kula, mila punapa ke mawon ingkang dados panyuwunipun panjenengan badhe kula sembadani.
L. Permana      : Nuwun pangapunten Adipati, sapunika kula boten betahaken bandha donya punapa- punapa, ananging manawi panjenengan lila legawa maringaken putri panjenengan badhe kula garwa.
A.Mgkusuma  : Manawi makaten kula kedah nyuwun tetimbangan marang putri kula Andan Sari rumiyin Raden?
L. Permana      : Inggih Kanjeng Adipati.
A. Mgkusuma : Nduk putriku Andan Sari, sliramu iku wis dewasa, dadi wis titi wancine bale wisma. Lha iki sliramu bakal digarwa maramg Raden Lintang Permana, banjur kepriye nduk?
Andan Sari      : Manawi punika sampun dados kersanipun kanjeng Rama, kula sarujuk kemawon.
A.Mgkusuma  : Manawi makaten kaleresan Raden, putri kula sampun nyarujuki bilih panjenengan dadosaken garwa. Sumangga sapunika kula derekaken panjenengan dhateng Kadipaten.
L. Permana      : Inggih sumangga Kanjeng Adipati.

BABAK VIII
            Papan : Sendhang
            Swasana: tintrim (wedi)
            Paraga : Melati Sari, 2 Emban, Sawer sawa, Lintang Samodra
Adegan 1
(  2 Emban lan Melati Sari padha adus ing sendhang, sinambi tetembangan)
Melati Sari       : Yung- biyung? Hawane kopanas banget, aku dakadus dhisik ya yung.  
Emban 1          : Inggih mangga ndara, kula nggih nderek, sajake toyanipun bening tur seger.
Emban 2          : Wah…pancen seger tenan.
( Emban 2 njerit sura banjur mlayu metu saka sendhang, amarga kaged weruh ula kang gedhe, sauntara iku Melati Sari isih adus ing sendhang)
Emban 1+ 2     : Ula…ula…!tulung… tulung…! Ana ula!
Melati Sari       : Biyung…biyung…! Aja padha mlayu yung, aku aja ditinggal.
( ula arep nguntal Melati Sari nanging keburu dipancal banjur dipateni dening Lintang Samodra, Melati Sari semaput. nuli ditambani dening Lintang Samodra)
Melati Sari       : Matur gunging panuwun kisanak, panjenengan sampun nebihaken kula saking bebaya pati.
L. Samodra     : Nora dadi apa wong ayu, iku wis pancen kwajibanku aweh pitulung marang wong kang mbutuhake. Banjur sajatine sira iku sapa?
Melati Sari       : Kula Melati Sari, putri Resi Dora Pramana kisanak…
( Melati Sari nyeblokake kembang mawar banjur mlayu)
L. samodra      : Lho…wong ayu…diajeng… Melati Sari! Banget kagetku weruh wong ayu kaya mangkono, Melati Sari bakal dakupadi sira wong ayu.

BABAK IX
            Papan : Padhepokan Bumi Loka
            Swasana: kendho (santai)
            Paraga : Resi Dora Pramana, Jaka Mahendra, Melati Sari, Lintang Samodra, 2 Cantrik
Adegan 1
( Cantrik 2 padha gugur gunung ing plataran padhepokan)
Cantrik 1         : Ora lho kang, bendarane awake dhewe iki lho koora enggal- enggal omah- omah ya?
Cantrik 2         : Maksudmu iku sapa?
Cantrik 1         : Iku lho kang! ndara Melati Sari.
Cantrik 2         : Hush…bisa dipidana kowe mengko yen nganti keprungu ndara Jaka Mahendra.
Adegan 2
J.Mahendra     : Ana apa ta paman? Sajake kotenanan yen crita.
Cantrik 1         : Boten ko Den.
Resi Dora        : Kepriye ngger putraku? Dina iki mau anggonmu gladhen?
J. Mahendra    : Nyuwun pangapunten ingkang kathah Rama,sapunika boten gegladhen ananging namung gugur gunung.
Resi Dora        : Ya…ya iku uga wigati ngger! Tegese yen kepengin ngangsu ngelmu iku kudu duwe niat kang suci, amrih bisa suci mono kudu reresik, ora mung ana ing njaba bae, ananging uga ing njero ngger.
J. Mahendra    : Ngestokaken dhawuh rama.
Resi Dora        : Lan uga prelu kosumurupi ngger putraku, reresik iku ora mung ana ing badhan wadhag bae, ananging ya kudu ing rokhani uga.
Adegan 3
( Emban mlebu nerak Resi Dora Pramana karo njerit)
Emban             : Tulung- tulung…! Ula…
J. Mahendra    : Lho… ana apa emban.
Cantrik 1         : Sik- sik!  ora lhoYu, solahmu iku ko kaya jaran kore, jan- jane apa keroken ta kowe?
Emban             : Hush…dengkulmu mlocot kuwi! Nuwun pangapunten Raden wonten ula dawa, gedhi tur ireng.
Cantrik 2         : Halah- halah…iku ngono ora kliru duweke bojomu dhewe ta?
Emban             : O…dak srampang bathukmu yen mu ngomong.
Resi Dora        : Wis…wis! Satemene ana apa ta emban?
Emban             : Makaten lho Bapa Resi, kula kalawau adus wonten sendhang kaliyan ndara Melati Sari, dumadakan wonten sawer sawa ingkang ageng, banjur kula mlajeng ndara kentun.
Resi Dora        : Lho…! Tobat- tobat, sliramu iku kepriye ta emban, iku mesthine dadi kwajibanmu momong bendaramu.
Adegan 4
( Melati sari teka ing padhepokan banjur ditututi dening Lintang Samodra)
Melati Sari       : Rama… Rama…!
Resi Dora        : Lho ngger putriku sliramu ora apa- apa ta?
Melati Sari       : Boten punapa- punapa Rama.
J. Mahendra    : Lha banjur sapa pawongan iki?
Melati Sari       : Punika pawongan ingkang sampun nebihaken kula saking bebaya pati kakang.
L. Samodra     : Dhawuh leres, ingkang sampun diaturaken Melati Sari punika kisanak.
Resi Dora        : Kisanak, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nylametaken putri kula, manawi makaten panjenengan kagungan panyuwun punapa kemawon badhe kula sembadani.
L. Samodra     : Nuwun pangapunten Bapa Resi, kula botena badhe nyuwun ganjaran punapa-punapa, ananging manawi dipun keparengaken kula nyuwun supados saged mboyong Melati Sari.
Resi Dora        : Inggih kisanak, kula kalawau sampun matur manawi badhe nyembadani punapa kemawon ingkang sampun panjenengan kersakaken,saengga punika sampun dados sabda kula kisanak.
J. Mahendra    : Nuwun pangapunten ingkang kathah saderengipun kula matur Rama, kula sarujuk manawi Melati Sari dipun garwa kaliyan kisanak punika, ananging saderengipun kisanak punika kedah saged ngasoraken kula rumiyin Rama.
Resi Dora        : Ya…ngger, rama mangerteni apa sing dadi karepmu. Kisanak panjenengan sampun mireng piyambak punapa ingkang sampun dipun aturaken dening putra kula, lajeng kados pundi?
L. Samodra     : Kagem saged mboyong Melati Sari, punapa kemawon badhe kula lampahi, Bapa Resi.
J. Mahendra    : Mangga kisanak, punapa ingkang badhe panjenengan wedalaken, badhe kula adhepi kaliyan dhadha kula.amargi kula sampun janji kaliyan rayi kula Melati Sari bilih kula badhe njagi ngantos dumugi patinipun,sarta kula rencangi kanthi pecahing jaja wantahing ludira.
( Wong 2 tumuli mlayu menyang alas)


BABAK X
            Papan : wana(Alas)
            Swasana: gawok (gumun, kaget)
            Paraga : Lintang Samodra lan Jaka Mahendra
Adegan 1
( Jaka Mahendra lan Lintang samodra prang tandhing, Lintang Samodra badhar dadi manuk dene Jaka Mahendra badhar dadi ula. Banjur Jaka Mahendra kasoran ing paprangan nuli kabeh badhar dadi wujud asale)
J. Mahendra    : Waduh kisanak kula kasoran!
L. Samodra     : Ya ora dadi apa Jaka Mahendra.
J. Mahendra    :Nuwun pangapunten kisanak, sajatosipun panjenengan punika sinten?
L. Samodra     : Sumurupa Jaka Mahendra, sajatine aku mono Lintang Samodra putra Adipati saka Kadipaten Bantar Angin.
J. Mahendra    : Waduh…! Nuwun pangapunten ingkang kathah Raden, kula sampun lepat, pantes mamawi dipun paring widana.
L. Samodra     : Ya nora dadi mangapa.
J. Mahendra    : Inggih Raden, boten saged kula selaki malih bilih panjenengan punika sekti mandraguna.
L. Samodra     : Saiki sarehne aku wis bisa ngasorake yudamu mula aku bakal nagih janji marang sira lan Bapa Guru saperlu mboyong Melati Sari menyang Kadipaten.
J. Mahendra    : Manawi makaten sunagga Raden kula dherekaken.

BABAK XI        
            Papan : Wana Wasa
            Swasana: sepi mistis
            Paraga : Lintang Alit lan Kidang
Adegan 1
( Lintang Alit mburu manuk nganti tumeka tengahing alas banjur kelangan dalan mulih)
L. Alit             : Waduh cilaka…! Saiki aku ana ngendi, yen mangkene kepriye anggonku bisa bali menyang Kadipaten.
( Banjur ana swara kewan  )
L. Alit             : Lho…swara apa iku(karo nginceng)? lho…lho…lho…jebule ing tlatah pesisir kaya mangkene iki ko ya ana  kewan kidang.
Kidang                        : Nuwun pangapunten Raden.
L. Alit             : Lho…(kaged)! Swara apa iku? Masak kidang kobisa ngomong? Banjur kowe kuwi sapa, kobisa tata jalma kaya manugsa.
Kidang                        : Kula namung kewan kidang sami kaliyan kidang sanesipun, ananging kula disukani kaluwihan saged tata jalma kados manungsa. Upami dikeparengaken nyuwun pirsa wonten punapa panjenengan wonten tlatah ngriki.
L. Alit             : O…ngono, tekaku mrene iki mau amarga mburu ibere manuk sing kena jemparing, ananging jluntrunge malah kelangan dalan kanggo bali mulih.
Kidang                        : O…dados makaten raden, saupami dipun keparengaken kula saged maringi priksa margi panjenengan, supados saged kondur malih.
L. Alit             : Yen sliramu bisa mbalikake aku menyang Kadipaten, aku bakal nyembadani kabeh apa kang dadi panjalukmu, dang?
Kidang                        : Nuwun pangapunten Raden, sapunika kula boten nyuwun punapa- punapa ananging manawi kula saged mangsulaken panjenengan wonten Kadipaten kula nyuwun supados dados garwanipun panjenengan.
L.Alit              : Lho…!waduh cilaka iki, mosok aku duwe garwa kidang, ananging yen aku ora nyembadani aku ora bisa bali menyang Kadipaten. Yo wis dang, yen kaya mangkono panjalukmu.
Kidang                        : Inggih Raden.
L. Alit             : Aku ora bakal oncat ing janji, dang. Apa kang wis dakkandhakake sing wigati sliramu wadon kena dadi garwaku.
Kidang                        : Pramila saking punika, sumagga kula dherekaken dhateng Kadipaten.

BABAK XII
            Papan : Kadipaten Bantar Angin
            Swasana: resmi (sowan dalem)
            Paraga : A. Tj Negara, G. Prameswari, P. Candrakala, 3 Putra, 3 bakal Mantu
Adegan 1
P. Candrakala  : Ngaturaken sungkem pangabekti kula, mugia konjuk dhumateng ngarsanipun panjenengan Kanjeng Adipati.
A. Tj Negara   : Ya ningsun tampa sungkem pangabektimu, ora kliwat puja pangestuku tampanana ya kakang Patih.
P. Candrakala  : Kula tampi kanthi asta kekalih mugia saged ndadosaken jejimat salaminipun anggen kula gesang.
A.Tj Negara    : Kakang Patih, kepriye kaanane ngenani sayembara sing ingsun aturake marang kabeh putraku.
P. Candrakala  : Sapunika saged panjenengan pirsani piyambak manawi Raden Lintang Samodra kaliyan Lintang Permana sampun ngasta calon garwa ingkang sampun panjenengan aturaken.
A. Tj Negara   : Ya…ya Kakang Patih, pancen ayu- ayu kabeh para putri sing bakal dadi mantuku.
G. Prameswari : Lho… Kakang Patih, ingsun koora mangerteni Lintang Alit, ana ing ngendi slirane?
A. Tj Negara   : Ya Kakang patih, sasuwene 2 dina iki ingsun during mangerteni putra ingsun sing wuragil iku.
P. Candrakala  : Nuwun pangapunten Kanjeng Adipati, sapunika kula inggih boten mangertosi Raden Lintang Alit wonten pundi.
( Lintang Alit mlebu pasewakan)
L. Alit             : Sungkem pangabekti kula mugia konjuk dhumateng ngarsanipun panjenengan Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Ya…ya…ingsun tampa sembah pangabektimu putra ningsun Lintang Alit.
G. Prameswari : Ngger putraku Lintang Alit.
L. Alit             : Dhawuh katimbalan kula Kanjeng Ibu.
G. Prameswari : Sasuwene 2 dina iki aku ora mangerteni sliramu, satemene sliramu iku ana ngendi? Lan siji maneh kang dadi pitakonku, kena apa sliramu ora nggawa calon garwa sing wis diaturake marang ramamu.
L.Alit              : Saderengipun kula nyuwun pangapunten dhumateng Kanjeng Rama kaliyan Kanjeng Ibu, cariyosipun makaten. 2 dinten punika kula boten saged wangsul dhateng Kadipaten amargi kula wonten wana wasa lajeng kula boten saged wangsul dhateng Kadipaten, ananging amargi dipun pitulungi kaliyan kidang, dadosipun kula saged wangsul malih dhateng Kadipaten.
A. Tj Negara   : Lho…kidang!sliramu kobisa oleh pitulungan saka kidang kepriye ngger? Lha banjur saiki ing ngendi kidang sing wis aweh pitulung marang sliramu.
L. Alit             : Sapunika taksih wonten njawi, kula ajrih manawi kedah bekta kidang punika wonten pasewakan ngriki. Awit boten prayogi manawi kidang punika kedah nderek pasewakan.
A. Tj Negara   : Wis ora usah wedi putra ningsun, amarga kidang iku wis aweh pambiyantu marang sliramu, coba saiki enggal gawanen mrene.
L. Alit             : Sendika dhawuh Kanjeng Rama.
(Lintang Alit metu banjur nggawa si kidang mlebu ing pasewakan)
A.Tj Negara    : O…o…dadi kidang iki ta sing wis paring pitulungan marang putra ningsun.
Kidang                        : Dhawuh leres Sinuwun.
A.Tj Negara    : Lho…!(kaged) kakang Patih?
P.Candrakala   : Dhawuh katimbalan kula Sinuwun
A. Tj Negara   : Apa pangrungon ningsun wis luput,ta kakang? Kobisa kewan kidang tata jalma kaya manungsa lumrah,yen manuk mono akeh kang bisa ngomong,kaya kang diedol ing dalan Semarang lan Kebon Binatang Wonokromo kae Kakang,ananging iki Kidang!
P. Candrakala  : Dhawuh leres Kanjeng Adipati,punapa ingkang panjenengan mirengaken punika boten lepat.sabab kula inggih mirengaken piyambak.
A. Tj Negara   : Ya kakang Patih,ngger putra ingsun Lintang Alit,coba matura marang Kanjeng Ramamu iki,kobisa kaya mangkono iki kepriye?
L. Alit             : Inggih Kanjeng Rama, saderengipun kula badhe matur, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah, bilih kidang punika ingkang sampun paring pitulungan dhumateng kula, lan ugi kula sampun janji marang si kidang punika, bilih mangke ingkang saged mangsulaken kula dhateng Kadipaten, mangka badhe kula dadosaken garwa.
Kabeh              : Lho…! Hahaha…! (padha ngguyu kabeh)
L.Samodra      : Hahaha…apa ora keliru sliramu kandha kaya mangkono iku?
L. Permana      : Lha inggih kakang, punapa inggih pantes  putra adipati bebojoan kaliyan kewan kidang.
A. Tj Negara   :  wis…wis, Lintang Alit.
L. Alit             : Dhawuh katimbalan kula Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Lha iya ta ngger, apa ora kliru anggonmu matur kaya mangkono iki mau? Sejatine sing kokarepake iku kepriye?
L. Alit             : Nyuwun pangapunten Kanjeng Rama, punapa lepat menawi kula tresna kaliyan kidang punika? Kamangka tiyang bebojoan punika saged dumadi amargi adhedhasar rasa tresna.
G. Prameswari : Ya…ngger, iku pancen bener, aku ngerti. Ananging apa ya tresna karo kewan kidang? Sliramu mesthine bisa mikir, bisa golek garwa sing luwih ayu koyo kakang kakangmu kabeh. Aja ngisin ngisinke rama lan ibumu ngger.
L. Alit             : Nuwun pangapunten Kanjeng ibu, manawi mangke kidang punika dados garwa kula, kula sampun mangertosi punapa kemawon ingkang badhe kula lampahi. Kula pancen nandhang tresno kaliyan kidang punika awit kula boten saged poncat ing janji.
Kidang                        : Inggih punika leres sinuwun.
A. Tj Negara   : Mengko dhisik dang! Coba ngiloa githokmu iku. Satemene kowe iku mung awujud kidang alasan kobisa duwe gegayuhan kaya mangkono.
L. Alit             : Nuwun sewu kanjeng rama, kidang punika pancen awujud kewan nanging kewan punika yen dipun ingoni bakal nuruti marang bendarane, benten kaliyan manungsa yen dipakani saben dinten malah saged maneni bendarane langkung langkung saged mejahi kancane dhewe.
P. Candrakala  : Nyuwun pangapunten Kanjeng Adipati, sapunika leres ingkang sampun diaturaken kaliyan Raden Lintang Alit. rasa tresna sapunika boten saged dipun peksa.  
A. Tj Negara   : Ya kakang Patih yen ingsun pikir-pikir bener apa sing sira aturake ananging apa ya mesthi karo kidang kamangka isih akeh pawestri sing luwih ayu.
P. Candrakala  : Nanging ingkang ngraosaken gesang bebrayan sapunika raden lintang alit. pramila inggih pantes menawi lintang alit ingkang milih calon garwanipun piyambak.
A. Tj Negara   : Wis, ngene wae. Yen padudon ana ing pasewakan ora prayoga nanging lintang alit ya wis manteb. Aku ora yen ora nyarujuki.
L. Alit             : Matur sembah nuwun Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Ya…ya…Ngger, sliramu pantes nampa iki kabeh. Saiki aku ngersaake tumrap kabeh calon mantuku supaya gawe busana kang pantes tur mantesi tumrap mingsun lan garwa prameswari kabeh iku kanggo mbuktekake yen sliramu pancen garwo kang duweni tandha bekti marang wong tuwa. Iki ngono uga dadi sayembara kang pungkasan.
Calon Mantu   : Ngestokaken dhawuh kanjeng adipati.
A.Tj Negara    : Amarga wis ora ana kang ingsun aturake maneh mula pasewakan dina iki kena kabubarake.


BABAK XIII
            Papan : Kadipaten Bantar Angin
            Swasana: resmi (sowan dalem)
            Paraga: A.Tj Negara, G.Prameswari, P. Candrakala, 3 Calon Mantu.
Adegan 1
A.Tj Negara    : Diajeng garwa ningsun, busana endi kang kirane trep lan mantesi marang ingsun diajeng?
G. Prameswari : Inggih kakang Adipati, manawi miturut kula busana ingkang dipun damel kaliyan calon garwanipun Lintang Alit ingkang kula kinten saged trep lan ugi mantesi bilih panjenengan agem.
A. Tj Negara   : Ingsun ya ngrasakake yen ta busana sing digawe dening putri kidang iku pancen beda karo liyane.
Adegan 2       
P. Candrakala  : nuwun pangapunten kanjeng adipati, sapunika dhateng njawi para bakal calon garwa putranipun panjenengan sampun makempal sedaya.
A Tj Negara    : ya…ya, coba enggal enggal larapna mrene kabeh.
P. Candrakala  : Ngestokaken dhawuh Kanjeng Adipati.
Adegan 3
3 Mantu           : Nuwun pangapunten Kanjeng Adipati.
A.Tj Negara    : Ya…, kene…kene.., lungguh kang prayoga. Nduk ngger, para calon mantuku kabeh busana kang diwenehake marang rama lan ibu ora ana sing ala, ananging ana salah sawijining busana kang  ingsun anggep trep lan mantesi yen ingsun agem, tinimbang busana sing liyane. Ananging iku kabeh tetep ora mbedaake antarane sliramu kabeh. Sing baku sliramu kabeh tetep dadi mantune Adipati Klana Seta ha…ha…ha….
3 Mantu           : Matur sembah nuwun Kanjeng Adipati.
A Tj Negara    : Ingsun aturi yo ngger, sajatine busana saka sliramu iku apik kabeh ananging duweke putri Melati Sari rada kegedhen, coba ta sawangen iki (mragakake). Yen duweke putri Andan Sari keciliken. Ananging aku tambah seneng marang sliramu kabeh, busana busana iki wis mratandani marang ingsun yen sliramu kabeh pancen calon mantu sing bekti marang wong tuwa.
G. Prameswari : Inggih Kangmas, leres punapa ingkang sampun panjenengan aturaken.
A. Tj Negara   : Ya…ya… diajeng. Ya wis yen kaya mangkono ingsun bakal dhaupake sliramu kabeh karo putra putra ningsun, mula aja nganti lali yen sesuk iku adipati Klana Seta bakal duwe gawe gedhe. Yaiku adicara dhaupe putra putra ingsun kabeh lan ingsun bakal miwarakake sapa kang bakal ngganteni ingsun jumeneng nata ing kadipaten Bantar Angin kene. Bali marang jeneng sira kakang patih?
P. Candrakala  : Dhawuh katimbalan kula sinuwun.
A. Tj Negara   : Saiki ingsun ngersakake supaya sira nyiapake uba rampi apa bae kang bakal dibutuhake kanggo  adicara sesuk iku kakang patih?.
P. Candrakala  : Ngestokaken dhawuh Kanjeng Adipati.

BABAK XIV
            Papan : Kadipaten Bantar Angin
            Swasana: resmi (sowan dalem)
            Paraga: A. Tj Negara, G. Prameswari, P. Candrakala, 3 putra, 3 mantu
Adegan 1
(Adicara sungkeman)
A.Tj Negara    :  Kanggo kabeh putri putriku saiki sliramu wis resmi dadi garwane putra ingsun.
3 Putri             : Matur sembah nuwun Kanjeng Rama.
Adegan 2       
(Putri kidang badhar dadi widodari)
A.Tj Negara    : Lho..lho…,! (kaged), sliramu iku sapa? Kobisa ana ing papan kene.
Widodari         : Nuwun pangapunten sakderengipun Kanjeng Rama, sapunika kula putri kidang.
L. Alit             : Lho…Putri kidang? Ko sliramu bisa dadi putri sing ayu kaya mangkene. Sajatine sliramu iku sapa?
Widodari         : Kangmas Lintang Alit, kula punika putri kidang. Ananging sajatosipun kula widodari  ingkang dipun sabda dados kidang.
A.Tj Negara    : Lho…lho…, lha kepriye critane iku ko sliramu bisa malih dadi widodari maneh?
Widodari         : Makaten Kanjeng Rama, manawi wonten pawongan utawi dewa ingkang tresna tulus marang kula, kula bakal badhar dados widodari kados sapunika.
L. Alit             : Waduh…, diajeng dadi sliramu saiki bakal ninggalake aku amarga sliramu bakal bali menyang khayangan.
Widodari         : Boten Kangmas, sapunika kula badhe nglampahi gesang sesarengan bebrayan kaliyan panjenengan wonten alam donya.
L. Alit             : Temenan ya diajeng, yen sliramu bakal urip bebrayan karo aku.
Widodari         : Inggih Kangmas, sapunika sampun dados janji kula amargi panjenengan sampun paring pitulung kagem kula, mila nggih pantes manawi kula kedah nglampahi bebrayan kaliyan panjenengan.
A. Tj Negara   : Yen kaya mangkono kepriye kakang patih mungguhing panemumu, sapa sing pantes jumeneng nata ngganteni ingsun ana ing kadipaten Bantar Angin.
P. Candrakala  : Nuwun pangapunten Kanjeng Adipati, manawi miturut kula ingkang pantes jumeneng nata wonten ing kadipaten, inggih punika Raden Lintang Alit, amargi ingkang ngunggulaken sedaya sayembara ingkang sampun kalaksanaaken  inggih punika Raden Lintang Alit lan ugi amargi boten wonten pawongan ingkang nggadahi garwa widodari kajawi Raden Lintang Alit.
A. Tj Negara   : Ya Kakang patih, pancen bener apa sing sira aturake mula, ingsun bakal milih Lintang Alit minangka dadi adipati yen ingsun wis lengser keprabon.
L. Alit             : Matur sembah nuwun Kanjeng Rama.
A. Tj Negara   : Ya ngger, iku kabeh wis dadi pepesthenmu saking Jawata. Kanggo putra ningsun Lintang Samodra lan Lintang Permana kowe kabeh kudu lila legawa marang iki kabeh ngger.
L. Samodra     : Inggih Kanjeng Rama, kula badhe nampi marang sedaya ingkang sampun panjenengan dhawuhaken.
L. Permana      : Inggih Kanjeng Rama, samanten ugi kula. Pancen pantes manawi mangke dhimas Lintang Alit jumeneng nata wonten Kadipaten Bantar Angin ngriki.
A Tj Negara    : Ya ngger, Kandhamu kuwi wis bisa agawe bungahing lan bombonging manah ingsun.Mula padha seksenana kabeh,yen ta sajatining satriya piningit iku nora liya ya putra ningsun Lintang Alit. Muga muga apa kang wis dadi iki,bisa agawe kabagyan lan karaharjan kanggo kabeh putra ingsun lan para kawula ana ing kadipaten Bantar Angin.





(Paripurna)
     
       



     
      
  



 
Copyright 2009 Sastra Jawa Kuwi Hebat. Powered by Blogger Blogger Templates create by Deluxe Templates. WP by Masterplan