Senin, 24 Oktober 2011

Mangerteni Bumi

dening: n. d. saputra

sowan marang bumi sing wis sepuh
pinarak ing gegodhongan garing
kayoman wit-witan aking
sinuguhan banyu kali pesing

balung-balung kewan pating slengkrah
ngendi-ngendi ana sangkrah
rendheng ngrusak sawah
ketiga gawe lemah bengkah
kaya ngene iki
apa dudu polahe manungsa sing srakah?

bengak-bengok penghijauan
nanging illegal logging tetep jalan
dema-demo global warming
nanging alas digundhuli ora dipenging
kaya ngene iki
apa manungsa ora eling?

manungsa pancen ora tau rumangsa
amarga sing bisa rumangsa
pancen dudu manungsa
apa padha ora ngerti
aku lan kowe kabeh urip neng bumi
yen bumi iki rusak?
anak putumu urip neng ngendi?
 
Copyright 2009 Sastra Jawa Kuwi Hebat. Powered by Blogger Blogger Templates create by Deluxe Templates. WP by Masterplan