Senin, 24 Oktober 2011

Mangerteni Bumi

dening: n. d. saputra

sowan marang bumi sing wis sepuh
pinarak ing gegodhongan garing
kayoman wit-witan aking
sinuguhan banyu kali pesing

balung-balung kewan pating slengkrah
ngendi-ngendi ana sangkrah
rendheng ngrusak sawah
ketiga gawe lemah bengkah
kaya ngene iki
apa dudu polahe manungsa sing srakah?

bengak-bengok penghijauan
nanging illegal logging tetep jalan
dema-demo global warming
nanging alas digundhuli ora dipenging
kaya ngene iki
apa manungsa ora eling?

manungsa pancen ora tau rumangsa
amarga sing bisa rumangsa
pancen dudu manungsa
apa padha ora ngerti
aku lan kowe kabeh urip neng bumi
yen bumi iki rusak?
anak putumu urip neng ngendi?

Senin, 25 April 2011

P a p a t

P a p a t
(kagem Nimas Vivin N.H.)

Mangertenana Ndhuk
Lenga asmara sing mileng getihku
Ajeg gawe mobal-mobaling
Geni abang memplak
Kang abadhi suceng pribadhi
Aja pisan-pisan nyampyukake tirta

Geni iki jroning tlaga putih mbranang
Tan bisa kalis kaglibet mangsa
Tan bisa sat kagulung kala

Rendheng tiga kaping wolu
hanyekseni lelakon kita
bledheg ndilat krikil mabur
sing sabar dadi subur
papakna ragamu
semono uga aku
dadia sigaraning nyawaku


Cokromenggalan, April 2011
 
Copyright 2009 Sastra Jawa Kuwi Hebat. Powered by Blogger Blogger Templates create by Deluxe Templates. WP by Masterplan