Sabtu, 16 Januari 2016

SatPol PP

Maca tulisan satpol pp mesthi kelingan penthungan kenthese kae,nanging sing dikarepake neng tulisan iki dudu kuwi. Satpol PP iki wujude panganan kang wis sumebar ing wewengkon kutha Ponorogo. Cekakan saka Sate Penthol Pedhes Ponorogo, panganan iki kasil gawe tuman para pandhemen kuliner jajanan ing kutha reyog.
Satpol PP digawe dening Wahyu Joko Santoso, asli Brahu, Siman, Ponorogo. Sawise njajal maneka warna jinis dodolan jajanan, dheweke ketemu karo Jaka Pamungkas, kancane SMP nganti SMA. Nalika kuwi taun 2013, Wahyu sing sadurunge dodolane melu wong, kepengin bisa mandhiri. Dening Jaka Pamungkas, kepenginane kuwi disengkuyung. Kanthi tekad madhep mantep banjur bocah loro iki nggawe eksperimen ngripta jajanan sing bisa laris. Wahyu duwe ide gawe penthol, amarga alasane penthol kuwi jajan sing ora malehi. Akeh wong dodol penthol nanging ya panggah laris. Ide iki disarujuki dening Jaka, nanging miturut Jaka, yen mung penthol ngono wae wis akeh tunggale. Mula kudu ana owah-owahan supaya beda karo penthol liyane.
Sawise njajal lan njajal, akhire penthol kuwi diungkep bumbu banjur disunduki. Jeneng sing dipilih yaiku satpol pp, supaya gampang dieling-eling. Saiki satpol pp wis tansaya akeh omzete. Manggon ing omahe Jaka, saben dina rata-rata Wahyu kasil adol 500 tusuk. Sasarane warung kopi, angkringan, lan kantin sekolahan. Karyawan cacah loro siap ngrewangi Wahyu karo Jaka.

 
Copyright 2009 Sastra Jawa Kuwi Hebat. Powered by Blogger Blogger Templates create by Deluxe Templates. WP by Masterplan