Tumlawung ana dina-dina kepungkur
Nalika ali-ali durung pinasang ing racikanmu
Kita nate ngliwati wewengkon iki
Mung lurung, dawa kenceng kaya penthung
Saiki aku ngadeg ana buritan
Godhong- godhong lamtara tumungkul
Kelud sing kokcekel
ora leren kumlawe
Reresik omah, reresik jiwa
Ing kene urip anyar iki kawiwitan
Ing kene jabang bayi ana kandhutanmu bakal mijil
Ing kene, ing caruban