Jumat, 16 November 2012

Ngetik HANACARAKA ing Komputer? Isa!

Basa ing donya kuwi diarani sampurna yen duwe aksara dhewe. Basa Jawa kena diarani basa sing sampurna amarga duwe aksara dhewe, kayadene Basa Arab lan Cina. Aksara Jawa ora liya ya HA, NA, CA, RA, KA kuwi. Nurut mobah mosiking jaman, jebul ana Teguh Budi Sayoga sing klakon nggawe software kanggo ngetik hanacaraka ana ing komputer, jenenge Pallawa. Dadi panganggep yen Basa Jawa kuwi kuna lan ketinggalan jaman kudune dipikir maneh. Yen mbutuhake mangga diundhuh ana ngisor iki:

Undhuh Software Pallawa

utawa langsung dolan menyang website-e ing http://pallawa.fateback.com/

Kamis, 18 Oktober 2012

Tuna

apa mripat wis piceg?
kuping uga budheg
sisan irung buntet

nyawang rupa ayu
sing katon praupanmu

krungu swara ulem
malah keprungu pacelathonmu

ngambu ganda wangi
kok isih enak kringetmu

ing paran sliramu ngangsu
ana sing tansah ngantu
ora liya
kuwi Aku

Jumat, 10 Agustus 2012

Rupa Anyar, Semangat Anyar

Wis suwe umure blog iki, nanging uga suwe ora diurus. Ndilalah kok oleh kenalan sing wasis bab nguwik-uwik blog, sapa maneh lek dudu Mas Pardi. Asile langsung katon. Praupane Blog iki dadi malih! Ya tambah apik, ya tambah kepenak disawang, lan sing penting yen miturut Mas Pardi, yen dibukak entheng. Dadi yen koneksi internet lagi rendhet, blog-e tetep bisa dibukak. 
Kanggone sing ngerti, template anyar sing takgawe pancen memper karo kagungane Pak Dahlan Iskan, Mentri BUMN. Ya ben yen dianggep melu-melu Pak Dis. Pancen aku kesengsem karo tulisan-tulisane. Muga-muga wong kaya Pak Dis tambah akeh neng negarane awake dhewe iki, supaya Indonesia bisa maju. Maju ora neng korupsine, nanging pembangunane. Pungkasane pancen aku kepengin blog iki ketularan kondhange Pak Dis.
Maturnuwun Mas Pardi, maturnuwun Pak Dis

Jumat, 29 Juni 2012

Dalanku


Dening: N D Saputra

Srengenge pancen durung suwe olehe njedhul. Hawa isih adhem, nanging esuk iku wis akeh bocah enom saumuran SMA padha metu ing dalan. Bocah-bocah kuwi padha nglumpuk ing sakiwa-tengene kios koran cilik. Wong tuwa sing dodolan koran katon sumringah, amarga isih esuk dagangane wis kari sethithik. Pancen dina iku ing koran-koran lagi kapacak pengumuman SPMB. Seleksi Penerimaan Mahasiswa Baru. Ujian kang dianakake dening pemerintah kanggo ngleboni Perguruan Tinggi Negeri. Ujian kang kondhang yen angel banget. Meh sesasi lawase aku ngenteni pengumuman iki. Bocah-bocah sing padha umyeg iku mau dakkira padha karo aku, pengin ngerti yen dheweke ketampa apa ora.
            “Gek ndang, sida tuku koran apa ora. Selak kentekan lho” pitakone Kangmasku mbuyarake olehku nglamun nyawang bocah-bocah iku.
            “Ya, sik.”
Aku sumaur tanpa nyawang praupane kangmasku. Aku banjur njagragake sepedha onthelku lan nyabrang dalan. Apa mung rumangsaku nalika nyedhak kios koran, kaya-kaya bocah-bocah kuwi padha nyawang aku kabeh. Kamangka yen daksawang aku ya ora ana sing kenal. Ngenteni pengumuman kelulusan ngene iki pancen paling njengkelake.
            “Koranipun  setunggal, Pak,” kandhaku karo ngelungake dhuwit telungewu rupiyah.
            “Ingkang wonten pengumuman SPMB-nipun,” tambahku.
            “Pas kantun setunggal, Dhik. Maturnuwun,” sumaure wong tuwa iku sinambi nampani dhuwit saka tanganku. Gumunku ora ana greget kepengin ndelok pengumuman babar blas. Aku banjur nyabrang dalan maneh, balik ana panggonane kangmasku sing ngenteni neng sabrang dalan, banjur mulih.
Omah jebule suwung. Pancen ibu biyasane dina minggu esuk ngene iki tindak karo bapak. Koran sing wiwit mau dakcekel langsung direbut kangmasku. Sejatine ora direbut bae mesthi dak wenehne. Ora ngerti kena apa aku ora ngarep-ngarep ketampa kaya taun kepungkur. Pikiranku kumlebat ana ing lelakon kang daklakoni setaun kepungkur.
“Ati-ati ya, Gus. Sinau sing tenanan. Ibu ndongakake terus,” ngendikane ibu nalika aku arep budhal melu bimbingan belajar. Kanthi luh tumetes ibu ngeterake aku budhal tekan terminal. Kanthi pangestune ibu, aku duwe pangarep-arep bisa ketampa ing tes SPMB sesasi engkas.
Sesasi iku aku melu bimbingan belajar ing kutha Malang bareng kanca-kancaku. Kancaku iku duwe dulur sing kuliyah ing Malang. Mula pondhokan lan pendaftaran bimbingan sing ngurusi dulure kancaku iku. Pancen kanca iku bisa aweh pengaruh sing gedhe tumrap bocah. Niyatku sing saben dina arep sinau kerep lali amarga kanca-kancaku. Akeh sing padha ngajak dolan. Jenenge bocah desa ing kutha gedhe mesthi padha nggumun. Mulih saka papan bimbingan ora padha sinau nanging malah dolan menyang mall-mall. Wiwitane aku emoh, nanging suwe-suwe kok ya kepengin. Pisan-pindho aku ya melu. Amarga awan ngluyur bengine dadi ngantuk, njur ora sida sinau. Sanajan mangkono, aku tetep ora lali gegayuhanku adoh-adoh menyang kutha gedhe iki. Buku isih dakcekel. Pasa Senin-Kemis, shalat wengi, lan tirakat-tirakat liyane tansah daklakoni. Yen wis eling kaya mangkono, aku pilih ngadoh saka kancaku.
Sawijining wengi ing tengah-tengahing sasi iku aku tilpun ibu. Ibu ora tau mandheg olehe ngendikan yen panjenengane tansah ndongakake.
“Kula mendhet teknik elektro nggih, Bu. Sedaya sampun dados guru. Mila kula nggih melu-melu dados guru. Nyuwun donganipun, Bu.”
“Njupuk apa bae sakarepmu, Gus. Ibu kuwi ora mbok kongkon ndongakake bae ora tau leren ndongakake kok. Sinaune sing mempeng ya,” dhawuhe ibu.
Pancen iku kang tansah dak arep-arep saka ibu. Bubar ibuku ngendikan dumadakan kangmasku melu omong.
“Aja lali lho ya, pilihan pertama kudu kedhokteran!” ujare kangmasku.
Wiwit saka biyen kangmasku iku pancen kepengin banget mlebu sekolah kedhokteran. Amarga dheweke ora ketampa, banjur aku sing didadekake sasarane. Wiwit aku kelas telu anyaran dheweke wis manas-manasi aku supaya gelem njupuk kedhokteran. Sejatine aku kepengin njupuk teknik elektro. Kamangka ing SPMB rong jurusan iku padha-padha jurusan favorit. Miturut tentor bimbinganku, yen njupuk jurusan ora pareng dhuwur kabeh. Yen bisa salah sawijine kudu sing sangisore. Dadi peluang ketampa gedhe. Nganti formulir pendaftaran daktampa, aku isih bingung. Nanging sepisan maneh kangmasku omong,
“Geneya dadak bingung ki? Rak wis jelas pilihan siji kedhokteran, pilihanmu bisa diselehake pilihan loro.”
“Nanging pilihanku teknik elektro, Mas. Iku padha dhuwure karo kedhokteran!”wangsulanku ngeyel.
“Rugi yen ora njupuk sing dhuwur pisan. Wong soal sing digarap padha karo liyane. Ora usah wedi bayarane sing larang. Yen saka SPMB iku mbayare padha. Wis ta percayaa karo aku!”ujare sajak meksa.
Kangmasku kuwi lagi lulus kuliyah. Dheweke biyen ora ketampa kedhokteran, banjur njupuk jurusan biologi ana IKIP. Pranyata gegayuhane kuliyah kedhokteran sing ora kelakon isih nuwuhake rasa kuciwa kang gedhe. Adhine banjur dipeksa njajal njupuk kedhokteran. Kamangka aku ora seneng kedhokteran. Saliyane iku aku ngrumangsani yen ta utegku ora bakalan nutut. Carane kangmasku pancen pinter. Wis suwe aku diobong-obong murih gelem njupuk kedhokteran. Amarga omongane kangmasku kuwi, aku wis ora bisa ngendha maneh. Pilihan kedhokteran dakseleh pilihan siji, lan ngisore lagi pilihanku, teknik elektro.
Nyedhaki ujian dumadakan ana godha maneh. Telung dina sadurunge ujian kancaku sakamar ketekan kanca-kancane SMA cacah loro. Aku karo kancaku sakamar pancen beda sekolahan nalika SMA. Bocah loro iku padha arep melu SPMB, nanging ora melu bimbingan. Nyawang solah bawane, aku ngerti yen bocah loro iku ora pati niyat. Bubar iku kamar cilik sing kudune mung gawe wong loro, diiseni wong papat. Wektu mepet kang kudune dianggo sinau mempeng malah digawe gojegan. Malah wekasane nalika dina ujian kari sedina, kancaku sakamar lara.
Dina ujian teka. Aku tilpun ibu ana omah njaluk pangestune. Nalika iku dakpikir mung pandongane ibu kang bisa gawe aku lulus. Kancaku meksa melu ujian sanajan lara. Pungkasane wis bisa disumurupi. Aku, kancaku, lan kancane cacah loro ora ana sing ketampa SPMB babar pisan.
Setaun aku neng omah. Arep diarani nganggur, pancen aku nganggur. Bapak wis maringi pilihan yen aku gelem kuliyah ana IAIN, panjenengane gelem ngragadi. Nanging aku ora gelem, amarga isin karo kanca-kancaku sing padha ketampa. Lara banget nyawang kanca-kancaku padha budhal menyang kutha-kutha gedhe, saperlu daftar ulang neng Universitas-Universitas Negeri. Setaun kuwi, rasane kaya satus taun kanggoku. Aku sing biyen seneng guyon dadi menengan lan kerep nglamun.
Sawise aku neng omah, kangmasku ora tau ngajak rembugan prekara kuliyah maneh. Aku ngerti yen dheweke thithik akeh rumangsa gawe aku gela. Saliyane iku dheweke lagi repot melu tes CPNS. Sawijining dina mulih saka ndelok pengumuman penerimaan CPNS, dheweke crita marang ibu.
“Kula boten ketampi. Wong Biologi lowonganipun kalih, nanging ingkang tumut tes setunggalatus langkung,” ujare kangmasku.
“Ingkang begja niku guru basa Jawa. Sedaya ingkang dhaftar ketampi. Lowongan enem ingkang tumut tes namung tiga.”
Ora krasa SPMB wis wayah dhaftaran maneh. Meh setaun aku ora nyekel buku. Nanging krenteging atiku gawe aku tetep melu SPMB, amarga pancen iki gegayuhanku wiwit biyen, bisa ketampa SPMB. Ibu uga ngeparengake. Aku banjur tuku buku latihan-latihan soal. Pengalaman melu bimbingan taun kepungkur ndadekake aku aras-arasen melu bimbingan maneh. Dakpikir dadine padha wae yen ora dibarengi niyat lan sinau mempeng. Mula saka kuwi aku pilih ora melu bimbingan lan sinau dhewe. Kangmasku uga ora cawe-cawe maneh. Aku bebas gawe pilihan kanggo awakku dhewe. Nanging aku wis ora wani njupuk dhuwur-dhuwur maneh. Ning angen-angenku aku pengin kuliyah neng IKIP bae. Pancen kulawargaku kabeh dadi guru.
“Kowe njupuk jurusan apa, Gus?”pitakone ibu ing sawijining awan nalika aku sinau buku-buku soal.
“Bahasa Inggris, Bu. Kula rumaos menawi wiwit sekolah rumiyin kula remen bahasa Inggris. Biji kula bahasa Inggris dhateng rapot nggih sae-sae,”wangsulanku.
“Apa bae kang kok jupuk, ibu seneng, wong sing nglakoni awakmu.  Kabeh kuwi yen diniyati tenanan mesthi apik ing tembe burine. Aja lali tansah ndedonga marang Gusti Allah, nyuwun diparingi dalan sing padhang,” dhawuhe Ibu wicaksana banget.
Nalika ujian aku nunut neng kos-kosane kancaku kang wis kuliyah ana Malang. Aku pilih Malang maneh amarga taun wingi wis ngerti panggon-panggonan kang digawe ujian. Sokur banget ujianku lancar ora ana alangan. Aku bisa nggarap soal-soal, senajan isih akeh sing kosong. Ing SPMB soal salah nyebabake biji kalong. Mula saka kuwi soal gawe pikiran judheg aluwung dakkosongi bae, tinimbang bijiku mengko entek.
“Kowe ketampa! Kowe ketampa!” Kangmasku dumadakan bengok-bengok, mbuyarake wewayangan lelakonku setaun kepungkur iki. Aku ora pati nggagas ngerti dheweke geger kaya ngono.
“Iki lho. Deloken dhewe yen ora percaya! Bagus Dwi Cahyo. Sapa yen dudu kowe!” omonge karo nyedhak aku sinambi nggawa koran.
            Aku wis arep ndelok koran iku, nalika ibu lan bapak rawuh saka tindakan. Kangmasku langsung mlayu marani ibu ing emperan.
            “Pak! Bu! Bagus ketampi, niki lho naminipun wonten dhateng koran!”ujare kangmasku marang ibu lan bapakku.
            “Ibu wis ngerti, Di. Ibu mau ya tuku koran,”ngendikane ibu.
            “Lha adhimu ngendi?” pitakone bapak.
            Aku sing krungu banjur metu saka jero. Wis dakdelok dhewe. Pancen jeneng ing koran iku jenengku. Ora kliru. Nomer pesertane pancen nomerku.
            “Dadi kowe ketampa jurusan bahasa Inggris, Gus?” Bapak takon marang aku.
            “Sanes, Pak.”
            “Lho jaremu kowe biyen njupuk bahasa Inggris?”Ibu katon bingung.
            “Inggih leres kula mendhet bahasa Inggris. Nanging bahasa Inggris menika rak pilihan pertama. Sampun kula tingali, kode jurusan dhateng koran niki sanes bahasa Inggris. Dados kula ketampi ingkang pilihan kalih,” sumaurku alon.
            Wangsulanku kuwi ndadekake bapak, ibu, lan kangmasku padha meneng. Banjur ibu takon,
            “Kowe ketampa jurusan apa?”
            Wangsulanku wektu iku pranyata gawe gegere wong saomah. Biyen aku ora kepengin dadi guru. Nanging Gusti Allah kang  Maha Adil paring dalan liya. Pancen iki dalanku, dadi guru basa Jawa.

***



Ra Syukur


Ra Syukur
Dening: ND Saputra

Sakjane apa sing kokkarepake
Nikmat sarwa klemat
Rejeki tansah mili
Awak seger kuwarasan

Isih sambat
Isih sambat
Isih sambat
Isih sambat
Isih sambat
Isih sambat
Isih sambat

Carang


CARANG

Carang kebak eri kang
nyanthol ana panjangkaku
Dibundheli kala
Klesreh dakeret-eret
Dakgembol ngalor ngidul

Karep nguwali bundhelan
Nanging dipenggak setan
wektune isih dawa, santai
Setan pancen edan

Lakuku sansaya abot
Pindha wong mbobot
Carang mberot-mberot
Jebul nggawa codhot

Ndang ditandang
Wektu kuwi larang

                                                                        Ruang tamu, 271208

Lar-Lar Katresnan


LAR-LAR KATRESNAN
Semilire angin ketiga dawa
Ngelingake marang 720 dina
luwih kang wis lumaku
Binareng iline luh lan guyu
Ora dakkira pangucapku nalika iku
Nuwuhake balung ing gegermu lan gegerku
              Ing balungmu ana lar irengku
              Ing balungku ana lar putihmu
Sanadyan kadhangkala luh nyenengake
Apa guyu dadi nrenyuhake
Nanging.....
Balung ora uwal!
Lar ora udhar!
Malah tansaya suwe.........
Balung lan lar dadi swiwi
       Saiki wis wayahe ajar mabur
       Memitran ing selaning bayu
       Kanggo mbesuk nganglang angkasa
                                                                   26 April 2009

Dimar Kanginan


Dimar Kanginan

Senthir , ublik lan oncor
Neon, dhop lan sokle
Apa mesthi neon luwih padhang tinimbang ublik?
Aja ngeyel
Saiki listrike mati

Ing Malem Ganjil



Ing Malem Ganjil
dening : ND Saputra

shaf tharik-tharik
ing malem ganjil
hawa anget njekut
enake wong kemulan brukut
sakkal aku mrinding
apa wengi iki?

gusti kula nyuwun pangapunten
umat sakmene akehe
apa aku isih dirungokake
ra krasa ana sing mili
gusti kula nyuwun pangapunten

Mayak, 200811

Bharatayuda Dina 17

Bharatayuda Dina 17
Dening: ND Saputra

Dhuh Biyung...
Ing tegal Kurusetra dina pitulas
Dhadhaku tinembus jemparing Pasopati keng ari
Nyawa bakal oncat saka ragaku
Nanging aku lila legawa
Kabeh mau minangka lelabuhanku, Biyung
Marang Kakang Duryudana
Marang negaraku Ngawangga
Marang panjenengan Biyung!
Aranana aku mbalela
Aku pancen mbalela!
Mbalela sajrone njejegake janji Satriya
Aturna salamku marang adhi-adhi Pandhawa
Dheweke ora kliru, jejer mbok menawa aku sing kliru
Paringana apuramu biyung
Nalika ludira iki garing
Seksenana aku dadi kusumaning bangsa

290212

Jumat, 24 Februari 2012

AKU

AKU

dening: ND Saputra

Mung manungsa lumrah
sing akeh salah
Akeh...

Mung manungsa tamak
sing kerep nglamak
Kerep...

Mung manungsa bodho
sing ngibadahe ajeg nglokro
Ajeg...

Akeh, kerep, ajeg nglakoni dosa
nanging ora rumangsa
Kowe iya?

240212 09:50
 
Copyright 2009 Sastra Jawa Kuwi Hebat. Powered by Blogger Blogger Templates create by Deluxe Templates. WP by Masterplan