paseduluran kang sarwa edi
ginubet rasa handarbeni
gegojegan bebarengan
duhkitamu duhkitaku
tanpa pamrih mbiyantu
adohe marga ora gawe satru
mitra-mitraku...
aja lali karo aku
3sept2011,bada
Jawa Jawal Jawane Kadhal
paseduluran kang sarwa edi
ginubet rasa handarbeni
gegojegan bebarengan
duhkitamu duhkitaku
tanpa pamrih mbiyantu
adohe marga ora gawe satru
mitra-mitraku...
aja lali karo aku
3sept2011,bada
yen aku kandha terah
aja bingung
terah kuthaku iki apik
yen aku ngajak ndhorong
aja kaget yen kowe malah
kon lungguh dijagongi disuguhi
lan yen ana sing muni jegeg
aja nggumun
jalaran Ponorogo terah JEGEG!
Ponorogo-Wonogiri, Januari 13
nalika dhingklik warung tumungkul
kita nate adu umuk, gathuk
sepira sastramu, mitraku?
aku koncatan rasa
giri lusi, janma tan kena ingina
ing lunglitmu ana sastra
ing dawane rambutmu ana sastra
ing buleg udud nggembulengmu kuwi sastra
Srengenge sing kokpanggul
aja nganti ilang padhange lan panase
gegemen Ponorogo
bundhelana nganggo sastra
sumberbening, 160513