Rabu, 26 Agustus 2009

Kapusan Awake Dhewe


Dening: Nadhif Dwi S.

Kelingan manis eseme
Trus kelingan ramah gemuyune
Tresna lan kasih, kasih sayange
Karep atiku klakon dadi bojone...
Pancen gayeng tenan olehe nyanyi wong ngamen kuwi. Wong loro, siji nggawa kentrung, sijine kalungan sabuk kang digandhuli pipa pralon loro, entha-entha ketipung. Lagune Didi Kempot “Jambu Alas” digawe dangdut koplo. Akeh para penumpang sing ora sadhar yen tangan lan sikile melu klothekan, saora-orane drijine melu goyang. Gawe kahanan dadi tambah nyamleng. Nanging bocah lanang sing lungguh neng jok nomer telu saka mburi malah katon sumpek. Praupane ngetokake yen dheweke lagi akeh sanggan urip. Alon-alon bis “Jaya” jurusan Surabaya-Ponorogo kuwi metu saka terminal Purabaya, kang luwih dimangerteni wong-wong kanthi jeneng terminal Bungurasih. Kernet kaya ora duwe kesel olehe bengok-bengok golek penumpang. Bocah iku kaget nalika ana wong ngelungake wadhah plastik tilas bungkus permen. Pranyata olehe ngamen wis bubar wiwit mau.
“Mboten gadhah receh, Mas,” kandhane bocah iku.
Wong ngamen iku mlorok, ketara yen ora seneng yen ana penumpang sing ora gelem aweh dhuwit. Bungkus permen mau diobah-obahake nganti swarane dhuwit keprungu pating krincing. Nanging bocah kuwi ora nggagas, lan wong ngamen iku langsung mencolot mudhun saka bis, amarga pancen ora ana penumpang maneh ing buri.
Bocah lanang sing jenenge Firman kuwi isih mangkel. Kedadeyan mau bengi gawe pikirane judheg. Dina iki sing kudune dheweke mlebu kuliyah, malah dienggo lunga sing ora jelas jluntrungane. Kabeh gara-gara Rindi, kenya sing watara setahun iki dadi pacare. Mbuh apa sebabe Firman wis ora bisa ngempet maneh. Sejatine gara-garane mung masalah sepele. Mau bengi nalika apel ana kos-kosane Rindi, pacare iku mbandhing-mbandhingake dheweke karo pacare sing biyen. Kepriye carane ngomong, carane mlaku, carane lungguh, lan sing paling nyebabake dheweke muntab, Rindi mbandhingake carane klamben. Kabeh solah tingkahe katon ala yen dibandhingake karo pacare Rindi sing biyen.
“Mas Ipung biyen menyang ngendi wae lek klamben mesthi mlipis banget, Yang. Pokoke disawang iku bisa nyenengake ngono lho.” Rindi kandha sinambi nyawang kaos sing dienggo Firman mau bengi. Pancen kaos putih sing diengo nalika iku wis ora bisa diarani putih maneh.
Firman sing wis ora bisa ngempet banjur cengkelak mulih tanpa pamit. Ninggalake Rindi sing isih bingung kena apa pacar sing banget ditresnani ngomong kaya mangkono. Esuk mau dheweke budhal numpak angkot menyang terminal, tanpa tujuan kang jelas. Dheweke isih aras-arasen yen neng kampus kepethuk Rindi. Saliyane ngono atine isih sumpek.
“Karcis, karcis!” Kondhektur teka nariki ongkos.
“Teng pundi, Mas?” pitakone kondhektur marang Firman.
Firman sing durung duwe tujuan jelas bingung. Dheweke isih bingung antarane mulih ana omahe ing Madiun apa mudhun Ponorogo, dolan sawetara ana omahe kancane. Utege mikir yen saiki mulih ana omah, bisa gawe perkara, amarga dina iki dudu wayah preinan. Ibu lan bapake mesthi nyuwun pirsa kena apa Firman mulih tanpa kabar-kabar dhisik. Lan yen ngerti anake mbolos, bisa blaen. Nanging yen langsung njujug omahe kancane, durung karuwan kancane ana omah. Kancane sing omahe Ponorogo kuwi kuliyahe ana Malang. Amarga sarwa ndadak lan mung nuruti ati kang lagi sumpek, Firman wis ora sempat maneh SMS kancane, ngabari yen arep dolan. Arep SMS saiki ya percuma.
“Oalah Mas, kok ndadak mikir barang, sampeyan kuwi lho numpak bis iki mau arep nyandi?” kondhektur wis ora sranta ngenteni Firman.
“Ng..Ngapunten, Pak. Po..Ponorogo.” Firman kandha kanthi glagepan amarga kaget.
“Ngomong Ponorogo ngono wae kok mikire sakjam.”
Firman ngelungake ongkos bis marang kondhektur, lan dheweke diwenehi karcis. Kondhektur ninggalake Firman sing isih katon kaya wong bingung, banjur nariki ongkos penumpang liyane. Jebul dina iku lagi sethithik wong kang lelungan. Lungguhan ana bis lodhang banget. Pancen dudu wayah prei dadi sepi banget ora kaya biasane.
Drrrrrrrrrrrrrt... Drrrrrrrrrrrrt...
HP ana kanthong clanane kedher, mratandhani yen ana telpun utawa SMS. Tangane ngrogoh kanthong njupuk HP. Ana layar HP metu tulisan.
1 pesan diterima. Baca...
Yang, km g kul y?kok jam sgini blm dtg sih.
Msh mrh y sm q?
Pengirim:Rindi
Firman maca SMS saka Rindi kuwi bolak-balik. Atine sing isih mangkel tambah atos maca sms kaya mangkono. Ora usah dibales, genah-genah isih mangkel kok ndadak takon, mangkono pikire. Mripate banjur nyawang kahanan ing njaba cendela kacane kendharaan sing lagi ditumpaki. Bis mlaku banter banget. Omah-omah pinggir dalan sing diliwati kaya katon mlayu-mlayu, nanging ora bisa nututi playune bis. Wewayangan setaun karo Rindi jejogedan ana kaca bis. Rindi sing ayu, sing manis, sing lugu. Bapak lan ibune ya wis padha tepung kabeh jalaran dheweke ora mung pisan dolan neng omahe Rindi sing ana Ngawi. Padha apik-apik karo Firman. Rindi ya wis tau dijak neng omahe. Wingi pas ulang tahun Firman ya diwenehi kado jaket dening Rindi. Ora krasa yen jakete kuwi lagi dienggo saiki. Nanging dikapak-kapakne atine isih mangkel. Atine durung bisa nampa kedadeyan mau bengi. Yen pancen Ipung luwih apik sembarang kalire, ya wis golekana si Ipung kana!
“Mojokerto! Mojokerto! Terminal! Terminal!”, swarane kernet mbuyarake wewayangan ing mripate.
Bis mlebu terminal Mojokerto. Berarti wis ana watara sakjam olehe numpak bis. Dheweke eling, yen mengko mudhun Ponorogo kancane durung mesthi ana omah. HP-ne banjur ditokake, jebul ana SMS maneh saka Rindi, nanging tanpa dibukak sms saka Rindi langsung dibusek. Drijine wiwit ngetik SMS. Yen disawang HP-ne Firman pancen dudu HP murah. Dhuwit tabungane entek resik gara-gara nuruti kekarepane kepengin duwe HP kuwi. Mula dheweke sayang banget karo HP-ne.
“Ndhondhe-ndhondhe! Sik panas! Ndhondhe, Mas?” pitakone bakul ondhe-ondhe blas ora ditanggapi.
“Sumedhange sewunan!” kandhane bakul Tahu Sumedhang karo ndelehake tahu sakbungkus ana pangkonane, nanging Firman isih nggethu olehe nyawang HP. Nalika bakul Tahu Sumedhang bali njupuk dagangane Firman uga isih nyekel HP.
“Ati-ati lek dolanan HP, Mas”, bakul tahu kandha sinambi njupuk tahu ana pangkone Firman. Firman mengo sedhela, banjur nerusake olehe ngetik SMS.
Bis mandheg nunggu penumpang ana terminal rada suwe jalaran sih akeh kursi sing lodhang. Siji-siji penumpang anyar munggah bis lan golek papan lungguh dhewe-dhewe. Dumadakan ana pawongan kang lungguh ana sandhinge kang pancen isih kosong.
“Kate nang ndi, Mas?” pitakone wong sandhinge keprungu alus neng kupinge. Jelas swarane wong wadon.
Firman banjur mengo nyawang wong ana sandhinge. Jebul kenya kang ayu banget. Rambute dawa ireng diore, lambene sing tipis mesem. Kulite putih lan klambine - sing gawe Firman ndredheg - ketat banget. Lumrahe wong lanang, dheweke rumangsa begja banget. Kena kanggo tamba ngantuk, ngono atine kandha. Olehe ngetik ndang dikirim, banjur mangsuli pitakone wong sandhinge,
“Arep neng Ponorogo, Mbak. Lha sampeyan?” Firman ganti Takon.
“Kate nggone Om-ku nak Jombang”, sumaure kenya mau.
Ora krasa bis wis metu saka terminal Mojokerto. Olehe jagongan tambah gayeng, banjur tekan endi-endi.
“Awakmu wis duwe Pacar, Nda?” takone Firman.
“Yen saiki aku lagi njomblo, Man. Lagi seminggu aku pedhot ambek pacarku. Areke nggapleki, nepsunan ngono. Pengen golek meneh tapi kok durung ana sing sreg. Pengine sing kayak koen ngene iki lho!” jare kenya sing jebul jenenge Dinda iki karo njiwit pupune.
Firman mabur neng awang-awang. Dheweke lali karo Rindi sing saktemene isih dadi pacare saiki.
“Aku ya isik jomblo kok”, wangsulane Firman ngapusi karo awake dhewe. Jan pas tenan olehku lunga iki mau, oleh ganti sing luwih ayu, kandhane ing jero ati nakal.
Nalika lagi gayeng-gayenge jagongan, tangane Dinda ngrogoh tas sing digawa wiwit mau,
“Iki mau nang Ibu digawani roti, pas ana loro Man, sitok-sitok ya,” sinambi tangane menehake roti neng Firman.
“Oh, ya. Suwun ya.” Firman nampani roti kuwi kanthi seneng. Saking gayenge jagongan dheweke lali yen wiwit esuk wetenge durung kisenan blas. Roti banjur dipangan nganti entek. Lumayan kanggo ganjel weteng. Dinda uga mangan rotine dhewe alon-alon. Nalika padha meneng Dinda takon marang Firman,
“Man, aku mau ora pamit ibuku. Gek iki pulsaku pas entek. Saupama aku nyelang hapemu njaluk sak-SMS-an ya apa?Oleh gak?”
“Ya, ora apa-apa kok, nyoh,” wangsulane Firman sinambi ngelungake HP-ne marang Dinda.
“Sirahku ujug-ujug kok ngelu ya, Nda?” kandhane Firman.
“Ya wis nggonen turu ae”, jare Dinda.
Sirahe Firman sansaya ngelu. Mripate rasane gliyur-gliyur. Sabanjure dheweke ora eling.
Peteng.
Firman mbukak mripate alon-alon. Kabeh sarwa putih. Saka ambune dheweke ngerti yen iki rumah sakit. Ing tangane uga ana dom mancep lan selang infus. Awake rasane lemes banget. Ana wong ing sandhinge. Alon-alon dheweke ndelok sapa kuwi, jebul Ibune dhewe.
“Buk, kula kenging menapa?” pitakone alon.
“Kowe dhek ingi nyapa, tukaran karo Rindi ta? Kae bocahe ana njaba jagongan karo Bapak. Wiwit dhek ingi nunggoni kowe terus ora gelem mulih. Sik takceluke.” Bubar kandha ibu banjur metu saka ruangan.
Ora let suwe, Rindi mlebu lan nyandhing Firman ing paturonan.
“Sorry Yang. Sepuranen aku ya. Gara-gara aku awakmu nganti dadi korban pembiusan ngene. Hape kesayanganmu ya ilang, gelem kan nyepura aku?” pitakone Rindi karo mbrebes. Dheweke ora bisa ngempet luh sing nggantung ana mripate.
“Dadi aku wingi? Aku kudune sing njaluk sepura, Yang. Aku wis nduwe niyat elek. Aluwung kelangan HP tinimbang kelangan awakmu.”
Wong loro padha nangis bebarengan. Kabeh manungsa pancen tau salah. Ing ati Firman rumangsa syukur banget duwe pacar Rindi. Nalika padha-padha meneng dumadakan Rindi takon,
“Niyat elek?maksudmu apa, Yang?”
Firman ora bisa mangsuli. Dheweke mung mesem lan katon isin.
 
Copyright 2009 Sastra Jawa Kuwi Hebat. Powered by Blogger Blogger Templates create by Deluxe Templates. WP by Masterplan